Kaca:Kangen Sekolah.pdf/35

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Pandhemi
Dening : Nadia Intan Prahapsari (9A)

Mangsa pandhemi
Kabeh-kabeh sarwa diwatesi
Marga katon sepi
Kutha kaya mati

Sinau saka omah
Makarya saka omah
Ngibadah uga saka omah

Pandhemi...
Kapan sirna saka buwana?
Wong sak donya tansah nganti-anti
Ayo padha nambahi donga
Supaya pandhemi enggal sirna

Bungah rasane manah
Yen kahanan kaya dhek semana
Kumpul karo kanca kaluwarga
Silaturahmi tanpa rasa kuwatir

TIPOLOGI GEGURITAN | 25