Kaca:Kangen Sekolah.pdf/33

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Ngibadah marang Gusti
Dening : Moh Ilham Zaki Pranata (9A)

Para dulur lanang wadon
Padha ngibadaha mumpung sih nom
Shalat wajib aja nganti bolong
Puji pandonga aja digawe guyon

Para kanca tansah elinga marang gusti
Dzat kang ngatur lakune donya iki
Gusti kang disambat rina wengi
Supaya dongane menungsa dituruti

Dadi wong aja mung nuruti angkara murka
Luwih becik kang prasaja
Tansah sabar lan sregep donga
Supaya bisa bebarengan menyang swarga

TIPOLOGI GEGURITAN | 23