Kaca:Kangen Sekolah.pdf/17

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kaca iki wis divalidasi

Pepisahan

Dening : Salsabilla Nadia Kirana (9D)

Esuk kuwi langit kadang Mendung kadang ora
Kaya ngerti apa arti kabeh kuwi
Esuk kuwi pisahan wis teka
Nggawa bahagya uga duka
Babagya merga kita wis kumpul maneh
Uga duka merga kita pisah
Nempuh cita-cita sing beda
Lan ora tabu suk kapan ta temu bali

Lun aku ngarep-arep
Muga-muga neng dina esok
Awake dhewe kabejan
Ngraih cita-cita sing dikarepna
Bareng karo doa sing ngiringi awake dhewe

Lan aku ngarep-arep
Muga-muga awake dhewe bisa
Ketemu neng liya wektu
Guyon lan gumuyu kaya wektu awake dhewe bareng

TIPOLOGI GEGURITAN | 7