Kaca:Kangen Sekolah.pdf/15

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Sinau ing Spenesa
Dening : Alicia Hartadi (9A)

Spenesaku...
Panggonan anggonku pados ilmu
Diwulang dening bapak lan ibu guru
Dituturi supaya migunani kanggo negriku

Gedungmu katen gumegrah
Tentrem lan asri lingkungane
Wiwit kang ijo royo-royo
Ndadekake tentrem kanggo pados ilmu

Dolanan karo kanca-kanca
Sinau lan pados ilmu bebarengan
Ngguyu lan nelangsa bebarengan
Rasane wis kaya seduluran

Kahanan saiki wis ora padha
Pados ilmu saka griya
Ora bisa pethuk para kanca
Kangen rasane bisa sinau ing spenesa

TIPOLOGI GEGURITAN | 5