Menyang kontèn

Kaca:Kalimput ing Pedut.pdf/8

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Ora. Sésuk soré. Pertandhingan mungsuh jago batalyon. Généya ta? - Hm, ora apa-apa. Adhiné jumangkah menyang lawang. Metu. Nang- ing ora antara suwé bali manèh. - Rakèt, rakèt tinggalané mas Saf sésuk sing dak enggo, yu. Bèn bisa menang. Kaya menangku sing ndhisik kaé ya nganggo rakèt kuwi. Mulané dakwèt- wèt. Dakenggo yèn tetandhingan baé. - Sakarepmu Hèn. - Dhèwèké banjur nggluntung ana paturoné. Nu- tupi rainé nganggo bantal. Arep turu sing kepénak. Nanging pikirané ora bisa ngalahaké pangrasa. Dha- dha kang kebak déning ukir-ukiran adi sing wis ma- taun-taun. Kaya ngono ngéglané! Kaya ngono cetha- né, kuwik-kuwikan cilik tilas tatahané priya sing banget ditresnani. Firman Musafar! O, généya bab iki karepé bakal dilalèkaké? Géné- ya? Rak kahanan mau siji-sijining kahanan adi kang tau dialami? Kapan manèh? Aja manèh sing madhani, sing rada ngèmperi baé apa ya bakal dialami ana ing uripé sing wis tanpa cahya kuwi? Ora! Genah yèn wis ora bakal ana priya nyebut jenengé klawan rasa asih sing wutuh madhani panye- buté marang jenengé priya kang tansah dadi ati iki. Sing bisa njalari saya rikating keteg-keteg ing jantung. Awaké krasa lemes. Lan ngusap-usap rambuté. Wahyu banjur kaya dhèk isih ana pangkoné ibuné dhèk cilik, ndhelikaké rainé ana ing dhadhané priya mau. Kahanan sing ora bakal dialami manèh, sasuwéné Wahyu nutugaké dina-dina kang isih kudu dilakoni. 7