omong bab iki ora gawé apiking kahanan, malah bisa kosokbalèné. Bapakné banjur menyang kursi kang ngadhep mèja kebak cangkir-cangkir kothong. Leng- gah mirsani Héndro, putrané, njupuki cangkir-cangkir mau diunduraké. Déné Wahyu, lengené lagi dieculaké ibuné bareng wis tekan dalem tengah, ing ngarep la- wang kamaré. Klawan dingendikani. - Turu-turua Yun, wong isih setengah telu. Wahyu kethemik-kethemik mlebu kamaré. Tangané kiwa kanggo nyénggol lawang, banjur mandheg ing ngarep lawang sedhéla. Méngo, kaya arep menyang buri nututi ibuné. Nanging ora sida. Terus mlebu ka- mar, tangané disénggolaké lemari, méja, ménggok nengen banjur lungguh ana pinggiring paturon. Lagi sedhéla olèhé lungguh, ngadeg manèh. Jumangkah marani piano ing pojoking kamar, sandhing jendhéla. Tangané karo pisan kanggo ngelus-ngelus tutupé piano. Banjur eluhé tumrocos, lan nyebut jenenging wong sing tansah ana sajroning atiné klawan panye- but kebak ing rasa asih. Dumadakan keprungu swara langkah saka buri, kaya mandheg, mandheg sedhéla ana ngarep lawang. Langkahé adhiné. Eluhé énggal-énggal diulapi. - - Arep nyang apa ta yu? Héndro pitakon karo nyedhaki. - Eh, tutupna jen..jendhéla kuwi Hèn! Tutupna jendhéla kuwi?! Aku arep mapan turu. - O, - lan énggal-énggal ngleksanani panjaluké Wahyu. Jendhéla ditutup. Bubar kuwi mbakyuné di- tuntun menyang paturon. - Kowé mengko latihan ténis? -6
Kaca:Kalimput ing Pedut.pdf/7
Praèn ꦥꦿꦲꦺꦤ꧀