LAGU LINGSIR WENGI Lintang ing langit? Rembulan lancip? Utawa angin seger tumiyup lirih angobah-obahaké gegodhongan kang gilap sumunar katiban cahyaning rembulan lan lintang? Banjur clè- rètaning ayang-ayangan wewangunan lan kekayon ana ing lemah ? O, sepira èdiné kahanan kaya ngono. Sepira èdiné! Nanging yèn langit kuwi katutup mendhung? Latar, dalan, taman lan sakabèhing sesawangan kalimput pedhut. Peteng dhedhet. Ana, terkadhang ana cahya cumlèrèt, nanging cahya kang mung gawé geter lan kekesing ati, sing banjur disambung swara gumleger lan tètèsing udan nyiram bumi. Wengi kang peteng lelimengen lan terus-terusan. Dhèwèké dituntun dé- ning Ibuné, ninggalaké régol. Lumebu ngomah karo tumungkul. Semono uga bapak lan adhiné lanang sing ngetutaké ing buriné. - ibuné. Bu Rana kera inggih Ibu? - pitakoné marang Kuru banget ndhuk, wong kélangan anak. Dalem piyambak boten nginten babarpisan. Mung tekan semono mau. Ibuné wis ora nyambungi manèh, merga mireng laguning ukarané putrané sing ngiris-iris ati lan tuwuh kapitayané yèn satemené 5
Kaca:Kalimput ing Pedut.pdf/6
Praèn ꦥꦿꦲꦺꦤ꧀