Menyang kontèn

Kaca:Joedas.pdf/2

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

wateké déwé kaja patrapé kéwan kang tanpa boedi, ikoe digawé djalaraning karoesakané.

11 Bilai wong ikoe, déné pada ngleloeri lakoené Kain, lan pada ngèloe marang pamboedjoeké Balham klawan mamrih opah, kang sarta pada toempes marga saka pambalila kaja déné Korach.

12 Wong maoe pada dadi blentong ana ing pamboedjananmoe piroekoenan, samasa mèloe kepoengan pada mbroewah tanpa taha nglemokaké awak. Pada prasasat mendoeng tanpa oedan kang laroed kaboentjang ing angin. Prasasat wit-witan ngarang ngarepaké mangsa atis, tanpa woh, mati pindo, roengkad.

13 Prasasat ombaking segara kang molak-malik, kang ngoențoekaké kanistané déwé. Prasasat lintang kang nglembara, wong kang pada kagantoengan peteng alimengan langgeng salawasé.

14 Ing bab wong ikoe maoe ija woes ana pametjané Chénoch, ladjer kang kapitoe saka Adam, wirasané: Lah Pangéran rawoeh ginarebeg ing abdiné para soetji leksan,

15 karsa nindakaké pangadilan ing ngatasé wong kabèh, sarta ngoekoem marang sakèhé wong panoenggalané kang pada mblasar, awit saka sakèhé pratingkah mblasar kang dilakoni klawan pamblasar, lan awit saka sakèhé temboeng tjoemenṭaka, kang dioetjapaké marang Pandjenengané déning para wong dosa mblasar.

16 Wateké pada goemroendel, ora nrima ing pepestèn. Lakoené ngoedja ing sakapéntjoeté, sarta tjangkemé ngoetjapaké temboeng koemloengkoeng, ngonggrong-onggrong marang wong krana asil.

17--23. Pepéling bab koewadjibané para kang pratjaja.

17 Balik kowé ikoe para kekasih, pada élinga marang pangandika kang woes kaweḍaraké ing maoené déning para rasoelé Goesti kita Jésoes Kristoes.

18 Oedjer kowé woes pada dipa- ngandikani jèn ing djaman wekasan bakal ana wong pamojok, kang lakoené pada ngoedja ing kapén- tjoeté kang mblasar.

19 Ikoe wong kang pada ndjalari pepisahan, wong kadjiwan, ora ka- doenoengan Roh.

20 Balik kowé ikoe para kekasih, pada mbangoena awakmoe déwé kadasarana pratjajamoe kang soetji linoewih, diklawan ndedonga ana ing patoenggilané Roh Soetji.

21 Mengkonoa pada roemeksaa marang awakmoe déwé kawengkoe ing sihé Allah, klawan nganti-anti ing sih-palimirmané Goesti kita Jésoes Kristoes, ditoemeka ing oerip langgeng.

22 Anadéné wong sawenèh kang isih mangoe-mangoe ikoe pada we- lasana,

23 entasna srana direboet saka ing geni. Sawenèh manèh pada welasana diklawan moetawatir, kanția nge- wani dalah marang kotang kang kena ing djedjembering daging.