Menyang kontèn

Kaca:Joedas.pdf/1

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
LAJANG IBER-IBER ANGGITANÉ
JOEDAS


1--2. Adangijah lan pamoedji slamet.

1 Lajangkoe Joedas, abdiné Jésoes Kristoes lan sadoeloeré Jakoboes, toemekaa marang para kang katimbalan, kang ana ing patoenggilané Allah Rama pada sinoetjèkaké lan sinengker kagem ing Jésoes Kristoes.

2 Palimirma lan tentrem rahajoe toewin sih anaa ing kowé mawantoe-wantoe.

3--16.Pepéling ngélikaké para djoeroe panasaran kang lakoené mbloentah (mbloenat).

3 Hé para kekasih, sarèhné banget enggonkoe merlokaké noelis lajang marang kowé moenggoeh karahajon kita kang oemoem, moelané akoe kedereng noelis ngélingaké marang kowé, soepaja pada lakoea prang ngandemi ing pratjaja kang woes kapasrahaké marang para soetji sepisan kanggo salawasé.

4 Awit déné ana sawenèhing wong pada momor samboe, kang ing ngoeni woes dipèngeti kapantjèkaké marang paoekoeman kaja ing ngisor iki: wong mblasar, kang nglironi sih-rahmaté Allah kita kaoeroepan pambloențah, sarta njélaki marang kang pribadi djoemeneng Pangéran, Allah lan Goesti kita Jésoes Kristoes.

5 Nanging sarèhné kowé bijèn moela woes pada soemoeroep ing prakara iki, moelané akoe arep ngélingaké kowé, jèn Pangéran sawoesé ngentasaké oemat saka ing tanah Mesir, ing sabandjoeré noempes marang kang pada ora pratjaja.

6 Karodéné para malaékat kang ora ngantepi ing kadradjatané, nanging pada ninggal ing padoenoengané déwé, didjagakaké marang paoekoeman bésoek dina kang gedé, pada karanté langgeng ana ing pepeteng.

7 Ija kaja déné Sadoem lan Ngamorah toewin negara ing saoebengé, kang tjarané lakoe djina pada kaja ikoe lan pada kelajoe marang daging sédjé, nganti ing samengko pada goemijar dadi pepinton nandang paoekoeman geni langgeng.

8 Éwadéné wong ikoe maoe kaja wong ngimpi ija mengkono oega enggoné pada ndjemberaké daging, mbadal ing pamaréntah lan njenjamah marang para loehoer.

9 Balik Michaèl, panggedéné para malaékat, nalika reboet oedoer karo iblis bab lajoné Moesa, ora wani ngetrapaké temboeng panjenjamah, moeng ngandika mengkéné: Sira dibendonana déning Pangéran.

10 Mangka wong ikoe pada njenjamah marang kang ora disoemoeroepi, déné apa kang disoemoeroepi saka