Menyang kontèn

Kaca:Jochanan I-III.pdf/12

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

ikoe asliné saka ing Allah. Nanging sapa kang gawé ala ikoe ora weroeh ing Allah.

12 Démétrioes woes diseksèni betjik déning wong kabèh, malah ija déning kajektèn déwé, mengkono manèh akoe iki ija neksèni, mangka kowé weroeh jèn paseksikoe ikoe kandel.

13-15. Panoetoep lan salam pandonga.

13 Akoe doewé pitoetoer akèh marang kowé, moeng ora gelem noelis nganggo mangsi lan kalam. 14 Nanging pangarep-arepkoe énggal bakal nemoni kowé, noeli bakal paḍa rerasan adoe-lésan.

15 Tentrem rahajoe anaa ing kowé. Para mitra pada kirim salam marang kowé. Salam pandongakoe maranga sawidji-widjiné para mitra.