Menyang kontèn

Kaca:Jochanan I-III.pdf/11

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
LAJANG IBER-IBER
ANGGITANÉ RASOEL

JOCHANAN

KANG KATELOE



1--4. Adangijah lan beboeka.

1 Lajangé kang pinitoewa toemekaa marang Gajoes kang kekasih, kang daktresnani ing sajektiné.

2 Hé kekasihkoe, pamoedjikoe moega kowé ginandjara kaslametan lan bagas kawarasan ing sakabèhé, dikaja njawamoe ija keslametan. lakoe manoet ing kajektèn.

3 Awitdéné banget boengahkoe saben ana para sadoeloer teka neksèni ing bab katemenanmoe, kaja apa kowé ikoe enggonmoe doewé lakoe manoet ing kajektèn.

4 Ora ana boengahkoe kang ngoengkoeli iki menawa akoe ngroengoe warta jèn anak-anakkoe pada doewé

5--8. Panggoenggoengé Jochanan marang Gajoes.

5 Hé kekasihkoe, déné kowé ikoe teka toememen apa sapanggawémoe marang para sadoeloer, sanadyan pada wong lija bangsa,

6 déné ikoe ana ing ngarepané pasamoean woes pada neksèni ing bab katresnanmoe. Betjik panggawémoe menawa wong ikoe pada kotoeloengi lakoené kang sembada moenggoeh ing Allah.

7 Awit enggoné pada leloengan ikoe krana saka kang Asma, ora nganggo nampani apa-apa saka bangsa kapir.

8 Kang ikoe kita iki pada koewadjiban nanggapi wong kang kaja mengkono, soepaja kita pada dadia réwang ing gawé loemadi ing kajektèn.

9--12. Diotrefès kawelèhaké. Démétrioes digoenggoeng.

9 Akoe woes noelis lajang marang pasamoean, nanging Diotrefès, kang ngarah dadi pangarep ana ing antarané, ikoe ora maèloe marang akoe.

10 Moelané bésoek satekakoe bakal dakwelèhaké kang dadi panggawéné, enggoné tjrèwèt ngala-ala marang akoe, lan ora trima mengkono baé, malah nganti awaké déwé ora nanggapi marang para sadoeloer maoe, lan sapa kang arep nanggapi ikoe pada diampah, sarta disébrataké saka ing pasamoean.

11 Hé kekasihkoe, adja marang kang ala, nanging noelada kang betjik. Sapa kang gawé betjik,