Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/99

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kaca iki wis dikorèksi

Dirasani Ora Rumangsa 87

kok, mbak,' celathuné Swastini karo semu kamiwelasen ngerti lelakoné kancané kang pancèn perlu digatèkaké kuwi. 'Bisa uga sing sok konyar- kanyur ngadeg ana sandhing pilar ngomahé kaé. Marga ya mung wong kaé sing sok wani njawati bocah wadon sing pada liwat dalan kono. Ning ya embuh nyatané, aku dhéwé ya ora cetha bab iki. Saiki énaké ngéné baé, mbak. Kejaba kanggo nyingkiri bebaya, uga ngiras-pantes alal-bihalalan pisan, ayo saiki mbak Nur tak-dhèrèkaké menyang Kranggan Kartasura. Numpak bis waé. Mengko yèn wis kebuktên dina iki mbak Nur sowan mrana rak wis kena kanggo nangkis bebaya sing bisa uga bakal ana marga anané layang nyalawadi mau. Setuju ora?'

'O, apa ya ngono, ya dhik Swas?” celathuné Nur Indrati karo sajak lega pasemoné.'

'Iya wis, ayo, mumpung isih rada ésuk, dadi bisa tulak, terus budhal saiki waé ta, dhik.'

'Iya becik, mbak.'

Bocah loro banjur padha numpak pit menyang stanplat Harjadaksina sakulon pasar Gemblegan. Sawisé padha nitipaké pité ing titipan pit sace- dhaké kono, banjur padha golèk panggonan ana ing bis 'Sendika' kang kebeneran lagi waé tekané lan wis suwung, ngentèni angkaté ing rit candhaké. Nuli keprungu suwaraning pengeras suwara kang ngumumaké menawa bis 'Sendika' jurusan Semarang budhal. Sasireping aba-aba iki disusul déning angkaté bis kasebut kanthi suwara nggereng, kekedher lan terus gleser-gleser kluwer bablas mengulon parané.

Lagi waé bis 'Sendika' mungkur, kasaru tekané bis 'Matésih' kang ditumpaki Kamdana saka Sragèn ésuk mau. Sawisé pité didhunaké déning tenaga kang wus sumadhiya, Kamdana ora kok énggal pindhah menyang bis sing tumuju Kartasura, nanging malah nuntun pité ngétan, ngener kampung Patang-Puluhan kang nyatané ora adoh saka stanplat Harja- daksina mau. Kamdana nuli nuntun pité mlebu sawijining pekarangan omah kang dumunung ana sakiduling dalan. Sawisé nyetandrataké pité, banjur uluk salam: 'Kula nuwun!' Subanu, ya sing duwé omah mau, isih kepétungan becik karo Kamdana, wiwit nalikané isih padha nyambut- gawé ana Bayalali biyèn. Kanthi grapyak Subanu ngacarani tamuné: 'Wé lha, mas Kamdana! Réné réné, pinarak, lenggah kéné!' Loro-loroné banjur padha lungguh ing kursi. Sambi ngetokaké Kansasé, Subanu celathu: 'Tindaké rak ya wilujeng ta, mas?'

'Iya, dhik. Wah, iki mau rak mèh baé kebacuten mengétan. Lha wong ya suwé ora sowan, dadi mèh waé ya pangling.'