Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/69

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kaca iki wis dikorèksi

Dhedhemitan Mlebu Kutha

57

ndalem, lha rak muspra anggoné kethayalan tekan kono!

Nalar sing kaya ngono mau, dilalah kok ya kecandhak saiki, bareng dhèwèké wis rekasa nyabrangi bebaya udan pélor, bareng adhiké wis nandhang ketaton, bareng kèlingan yèn ingisor wit sawo ana memediné. Upama kang mengkono mau kagraita mau ésuk, mbokmanawa ora kaya ngéné lelakoné wengi iki. Lha upama suwung, gèk mengko omah kuwi mung isi memedi thok? Wah, piyé ya?

'Énggal didhodhog, mas,' bisiké Sukardiman durung oncat mrindingé. Wiradi ndhodhog lawang, alon-alon. Sepisan. Ora ana banèké nyauti. Ping pindho ... sepi waé.

'Mas, sing rada banter, bèn kupingé manungsa ya krungu. Yèn lirih rak mung lelembut waé sing tangi iki mengko,' celatuné Sukardiman gemeter karo tolah-tolèh maspadakaké ngisor wit sawo.

Wiradi manut, pandhodhogé rada sora. Bareng didhodhog rada banter, Wiradi krungu suwarané krusek-krusek ing njero omah. Jès, ana wong nyumed damar. Lega atiné wong loro. Ora muspra anggoné padha ketayalan mrono, ana gawéné. Luwih manèh Wiradi, adreng anggoné selak kepéngin ketemu ibu-bapaké.

Wiradi ngudhunaké tommy-guné, diulungaké Sukardiman. Sukardiman nampani. Wiradi njaluk pistulé Sukardiman, iya banjur diulungaké. Wong loro padha ngentèni dibukakaké lawang. Suwarané wong dhèhèm-dhèhèm ing njero omah sajak njanjèkaké arep ngengani lawang.

Bareng lawang menga Wiradi agahan methukaké wong sing ngengani lawang nganggo tembung:

'Pak, kula ... eh!!!?'

Ora tutug ukarané. Kagèt, njenggirat! Klokap-klakep, gupuh! Sukardiman mengkono uga, njenggirat, cekèkèr-cekèkèr mlayu ketantingan ninggalaké panggonan kono. Playuné niba tangi ora idhep isin, lali samubarang, lali yèn lanang, lali yèn diwasa dadi prajurit, tinggal glanggang nilap kancané tanpa rikuh-rikuh. Wiradi dijaraké ijèn ngadhepi kagirisan.

Sing katon ing sela-selané lawang menga lan dicoloki damar iku dudu sabarang wong, nanging sirahé diblebed mori putih, mripaté mencereng ngawasi manungsa-manungsa sing padha ndhodhogi lawang. Ya kuwi wedhon!

Wiradi sumlengeren. Dhèngkèlen ora bisa oncat. Ora bisa mbengok. Embuh pirang sekon suwéné.

'Ènten napa, nak?' pitakoné memedi sing nggawa colok. Swarané serak, nambahi giris.

Embuh ping pira pitakonan kang mengkono mau keprungu Wiradi. Nanging bareng dhèwèké wis ngulu idu kaping-kaping, wis kedhèp bola-