Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/65

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kaca iki wis dikorèksi

Dhedhemitan Mlebu Kutha

53


'É, wis ana sing ndhisiki bak dan merconan,' celatuné salah sijiné kanca isih tatag waé.

'Ssstt! ! Aja grusa-grusu manèh, cah!' bisiké pemudha liyané.

Saiki lakuné padha rerundhukan kaya kècu ndhedhepi, pating jruntul kaya bocah jélungan. Narna kaya adat saben ngudhuni pèrèngé Bengawan dhisik dhéwé. Kanca-kancané padha ana tangguling kali ngentèni sasmitané, padha ngempet ambegan. Sadhéla dientèni, ora ana banèké. Dientèni rada suwé, isih ora ana sasmita apa-apa. Wiranta banjur nyingsoti mitrané, takon apa dhèwèké slamet. Narna ora mangsuli. Kanca-kanca saya trataban atiné.

'Ayaké dhik Narna kielep,' celatuné Wiradi bisik-bisik.

'Ah, wong dhik Narna kok kleiep, wong sabané Tirtamaya. Karo manèh wong ketiga ngerak ngéné, banyuné Bengawan rak mung kaya kalèn waé,' wangsulané Wiranta. Atiné ora jenjem. Dhèwèké singsot-singsot manèh. Narna tetep ngilang meneng waé.

'Mas, jaré saiki Landa ya ngingu mata-mata sing wani gelut sesidheman, sumebar ana kampung-kampung. Mas Narna kuwi mengko gèk wis dirundhuk mata-mata Landa ... ?' celatuné Marija.

'Mas, iki tak-kira panggawéné peri kedhung kéné: mas Narna diumpetaké. Peri ki jaré nduwé kraton ana sangisoré banyu, mas. Yèn panggawéné jalma manungsa waé mesti ora ngilang sepi kaya ngéné iki ...' celatuné Sukardiman kang tansah mikir bab memedi.

'Ah, aja mikir néka-néka!' Mangsuli ngono mau Wiranta gremet-gremet maju, ngudhuni plèngsèngan. 'Aja padha mèlu dhisik yèn durung krungu suwarané manuk tuhu.'

Wiradi, sing kepiepek critané Marija, manti-manti banget marang adhiné: 'Sing prayitna lho, dhi. Yèn ana bebaya ndang sentilen waé karabènmu, bèn kéné padha ngreti.'

Wiranta ora mangsuli, ilang ambles menyang petengan. Dhèwèké grayang-grayang lemah kang bakal dipidak, gremetan cenunak-cenunuk, ing batin sumpeg atiné. Yèn ngantia kélangan Narna dhèwèké mesti bakal cotho, sebab Nama kejaba bocah kendel, graitané adoh lan mumpuni. Mula dhèwèké anyel banget déné petengé kok ndumuk irung. Wiranta selak kepéngin weruh kedadéyané mitrané, mungguh matia ya kepéngin nemoni batangé.

Saya suwé dhèwèké saya adoh anggoné nlusur dhasaré kali Sala mangsa ketiga. Dhasaré kali wedhi maléla kang wis pirang-pirang minggu ora kacak banyu, marga iliné banyu Bengawan mung prasasat kali cilik kang ora mingsra. rng mangsa aman kali kang mengkono mau dienggo adus, wedhi atos iku dikeruki digawé belik.