Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/64

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kaca iki wis dikorèksi

52

Javanese Literature since Independence


kejaba rada répot lakuné marga ciyut ora rata, kanggoné sing padha ora sepaton ya wedi Kyai Oyod, yaiku ula sing uga tlusuran liwat galengan. Mula, mumpung candhik-ala isih madhangi bumi, bocah-bocah padha gegancangan lakuné, mangulon parané.

'Kita liwat Puthat apa Beton, mas?' pitakoné salah sijiné kanca kang lumaku pernah ngarep. Kanca kuwi pèndhèk dedegé, lakuné ora patia rekasa merga gawané ora abot. Dhèwèké - Sukardiman jenengé - mung nggawa pistul otomatis karo granat telung iji digandhul-gandhulaké ing guluné kaya ketupat; dicencang ana gulu kuwi preluné yèn nyabrang Bengawan mengko bèn ora katut teles.

'Liwat Putat waé, sabrangané rada cètèk, terus Warungpelem mangulon,' wangsulané Wiranta sing mlaku kaprenah ana buriné.

'Mas! Sanadyan slamet ora ana kedadéyan apa-apa, mengko aja suwésuwé anggoné rangkul-rangkulan karo ibu lho,' celatuné Narna saka mburi. Yèn bisa jam-jam siji ngono awaké dhéwé wis padha bali.'

'lyah, kena apa ta, lèh kok kesusu 'temen kang Narna kuwi?' pitakoné kanca liya semu guyon.

'Wetengku durung kena ditata,' wangsulané Narna.

'Wingènané olèhé lotisan ana ndalem rada kakèhan yaké, lha wong ditunggoni sidhénok-dhèbleng,' sauté kanca liya manèh.

'Heh, wong saiki weteng rasané kaya diudhak ngéné jaré, wong lotisan disengguh dhemenan,' celatuné Narna glenak-glenik.

'Marija mau sida nganggo sepatu ora, ca? Awas lho, Kyainé lagi waé ndlosor mlayu ngidul iki mau, mentas waé tak-langkahi,' celatuné Sukardiman clemang-clemong.

'Tenan pa piyé kuwi lho? Wong ula jaré dienggo sembranan,' wangsulané sing ana tengah barisan. 'Alah, si Sukardiman kuwi, yèn isih yah méné waé kumrecek mbéda kancané ara wis-wis. Mengko rada bengi sitik yèn ora ngoplok golèk kanca merga wedi banaspati,' celatuné Wiranta ngelèhaké.

Sinambi guyon mengkono kuwi ora krasa yèn dedelengan wiwit ora ceta, lan sadhéla manèh bakal nyabrang Bengawan. Nyabrang Bengawan iku kudu ngati-ati, merga pemudha-pemudha iku kudu liwat panggonan kang sela. Déné kaanan sabrangé Bengawan ora ana sing weruh apa ana tèngé mungsuh sing nunggoni karo lampu sorot lan duabelas-koma-tujuh apa ora. Yèn ,lagi ana tengah Bengawan terus disoroti lampu mesti waé ora bisa obah apa-apa manèh.

Nalika Wiranta sakancané rundhak-rundhuk tekan sabrangan tepis-iringé Bengawan panjledhoré bedhil bocah-bocah gerilya panta liya wis ana sing keprungu.