Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/63

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kaca iki wis dikorèksi

7

DHEDHEMITAN MLEBU KUTHA

Sawisé Wiranta ngandharaké kabar kang digawa Nama bab gerahing ibuné lan karepé arep sowan ibuné bengi iku perlu nentremaké panggalihé, sakanca padha sarujuk bengi iku mlebu kutha. Cacahé kabèh ana telulas wong. Sanadyan gegamané ora pati lengkap, ora kabèh nduwèni karabèn utawa bedhil adoh liyané, nanging kabèh duwé cekelan, ora kétang pistul utawa granat.

Wektu iku mangsa ketiga, sasi Juli 1949. Wis suwé ora ana udan, dalan-dalan ing padésan bledugé muleg, sawah-sawah padha garing lan kalèn-kalèn padha asat. Kang kaya mengkono mau mung ndadèkaké bisané gegancangan mengko anggoné padha lumaku dhedhemitan mlebu kutha. Kebeneran mengko bengi rembulané ora katon, dadi rada longgar anggoné padha singidan, ora perlu ndhepis-ndhepis banget.

Wayah bangbang-surup Wiranta sakanca padha mangan bebarengan ing omahé pak lurah, diladèni Waginah, anaké Sadikrama, lan Kartini, putrané dèn Wira, pyayi Bromantakan sing ngungsi mrono, sarta ditunggoni para sepuh kaya ta pak lurah sekaliyan lan bu Danu, padha rerembugan sing lucu-Iucu. Mangan bebarengan mengkono iku dianakaké mung yèn arep mlebu kutha. Déné kaanan sadina-dinané mangan iku sakarepé bocahé dhéwé-dhéwé, ana sing wayah surup, ana sing wayah isa, nanging kabèh wis éntuk cadhongané dhéwé-dhéwé. Sanadyan mengkonoa ya isih ana bocah-bocah sing nakal, cadhongané kancané dikrowoki. Kang mengkono mau kadhangkala dadi geguyon, nanging sok dadi ladakan, marga bab mangan bocah-bocah mau lagi padha dremba-drembané, mangka cadhongan lumrahé cumpèn. Mula panganan sing tinemu saka njaban cadhongan, kaya ngundhuh katès, mancing érok-érok lau nawu iwak ing kali, mbakar pohung, dadi kareman lan kalegané bocah-bocah mau. Sok-sok ya mung dadi crita kang nengsemaké pengalaman-pengalaman kang anèh-anèh golèk sumbal pangan jaman perang ing padésan kuwi, kaya ta mbedhil derkuku nganggo karabèn.

Sawisé rampung mangan kabèh padha pamitan sing padhIa ditinggal, banjur budhalan. Lakuné ora liwat dalan, nanging nratas liwat galengan, marga yèn liwat dalan isih padha kuwatir yèn kepranggul patroli-patroli Landa sing nékad metu saka pos-pos penjagaan, saora-orané ya nyingkiri pangulaté mata-mata mungsuh. Déné bebayané liwat galengan kuwi