Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/62

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

6

LÉLA LÉḌUNG

(lagu kroncong)

Tak-léla, léla, léla, léḍung
cep meneng, aja pijer nangis
anakku kang ayu rupané
yèn nangis nḍak ilang ayuné

Tak-gaḍang bisa urip mulya
dadia wanita utama
ngluhurké asmané wong tuwa
dadia penḍékaring bangsa

Wis cep menenga anakku
kaé mbulané nḍaḍari
kaya nḍas buta nggilani
lagi nggolèki carané

Tak-léla, léla, léla, léḍung
énggal menenga ya cah ayu
tak-emban slénḍang baṭik klawu
yén nangis munḍak gawé bingung