Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/55

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

4
GEGAMBARAN

Cahya padma manguwung ing jumantara
Tandha rina arsa ginanti Hyang Ratri
Sajak owel Surya ninggal Arcapada
Kasengsem mawas kaéndahaning Bumi.

Tan béda lan angganing kalana mudha
Kang arsa pepisahan lan kekasihé
Rumangsa kéwran arsa maluyèng kata
Kepéncut nyawang memaniking nétrané,

Mula nora gampang ninggal kasenengan
Kang baud mawèh kemaremaning driya
Karasa abot sumedhot ing gagasan
Nggrantes nandhes terus ing nala.

Mula begja wong kang baud amikani
Marang owah gingsiré kaanan donya
Sadurungé wus pada dèn mangertèni
Yèn tan ana barang kang langgeng lan lana.

Soebagijo I. N.
(in: Api Merdeka no, 4, January 1946).