Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/49

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Dhukun Ing Karangdlima

37

sepuhipun boten lila sanget manawi kula pendhet. Awit pangajeng-ajeng tiyang-sepuhipun sageda anakipun laki angsal anakipun tiyang sugih.'

Kyai Amad: 'Iki iya jeneng ora klèru, pancèn wis mathuké mangkono, sugih padha sugih, dadi wong sugih ngepèk mantu wong mlarat iku jeneng nyalenèh. Lan manéh, tholé, kowé kuwi tumrapé karo Surasentika jeneng memungsuhan rangkep, sapisan padha rebutan ngarah drajat, kaping pindhoné ngarah anaké. Rekasa kowé, nggèr. Wis ta, mangkéné baé, Sujana, kowé becik narimaa, prakara ngarahmu menyang anaké Surasentika iku prakara buri. Kang luwih perlu kowé saiki tumemena anggonmu nyambut gawé. Tinemuning kanugrahan iku, utamané ora kaya kang jalaran saka dilakoni kalawan tumemening gawé. Wis, nggèr, kowé muliha.'

Sujana tampi wewarahipun Kyai Amad wau, sanadyan namung lugu rembag, inggih adamel mareming manah, saha lajeng pamit wangsul. Kyai Amad nyawang dhateng lampahipun Sujana ngantos tebih. Sareng sampun boten ketingal, lajeng ngucap: 'Muga kasembadana apa kang dadi karepé putuku Sujana.'

R. Hardjowirogo, Srikuning,
Jakarta, 1953.