Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/137

Saka Wikisumber
Ana masalah nalika ngorèksi kaca iki

25 SADULUR ANGKAT

Antarané jam wolu bengi Harwani lan Gunawan saanaké wis mulih saka lungan. Bareng ngerti yèn tamuné Mulyana, Harwani mèsem-mèsem seneng mbagèkaké kanthi grapyak. Kosokbaliné Mulyana, kang rumangsa rikuh marang Harwani, dadi kecipuhan. Nanging rasa kang kaya mang- kono mau uga ora suwé nguwasani atiné, Mulyana banjur bisa omong kanthi kepénak lan bisa nyambi gegojègan.

Sarèhné nalika iku wayahé mangan ing wayah soré, mulané Mulyana banjur diajak mangan bebarengan. Karepé mono emoh, nanging Har- wani banjur melèhaké: “Wis! Ora kersa dhahar, ya ta wis. Malahané wutuh segané. Cetha wis saiki, yèn nyatané ora lair batin.”

Sabubaré mangan, Gunawan celathu marang Mulyana: “Yèn kondur mangké radi dalu kémawon, dhik, ngiras pantes nyuwun titip. Kula badhé jagong tangga sepasaran bayi.”

“Sakaliyan ta, mas?” pitakoné Mulyana.

“Ah, boten kok; wangsulané Harwani, laré-laré punika lo boten purun kantun. Répot mangké.”

“Bu, bobuk!” celathuné Lies, anaké kang cilik,

“Hara ta, cobi, dhik, malah wis ngajak bobuk,” celathuné Harwani karo mèsem.

Ora suwé manèh Harwani wis mlebu kamar perlu ngeloni anak-anaké. Déné Gunawan uga banjur pamitan lunga perlu jagong. Kabèh mau tumrapé Mulyana tiwas kebeneran. Dhèwèké pancèn ngrasa owel ing soré iki arep ninggalaké Haryani. Kepéngin bisa sapatemon luwih suwé manèh, ngrembug apa baé kang bisa dirembug. Rasa kang kaya mang- kono iku mesthiné ora ngemungaké Mulyana baé kang ngalami. Saben para muda kang lagi pada among tresna mesti mangkono.

Mulyana lan Haryani banjur ngisis ing latar, lungguh klasa kang digelar ing sacedaké wit pelem. Padang, nanging uga linduk.

"Généya mas Mul milih aku?” pitakoné Haryani.

“Wah, kuwi répot olèhku arep mangsuli. Nanging aku isih bisa wang- sulan kanthi cekak lan gamblang, wangsulané Mulyana. “Jalaran sliramu bakal setya lan bekti marang aku, lan bakal bisa ngubedaké bebrayan kanthi nastiti ngati-ati tumuju bebrayan tentrem.”