Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/129

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca
22
KASATAN

entèk wengi ing panglamunan
nunggoni téplok sumunar surem
ndluwang corètan gumlasah sebah
pulpèn gumlètèk sendhet wetuné

o gegantungan
marang wicaraning panguripan
kacingkrangan lan kaéndahan
tinatah pèni sinungging èdi
jumedhul karya reriptan seni

entèk wengi ing panglamunan
garing tandhus daya ciptané
asat lenga téplok ing méja
peteng kamar peteng uripé

(nanging dudu akir tumrapé penyair)

N. Sakdani
(in: Tesmaniasita, Guritan, Antologi     
ajak-sajak Jawi, Surakarta, 1975).

First published
between 1954 and 1967.