Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/104

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

17

KELUWARGANÉ BU NYAI BLORONG

Sawisé salin penganggo lan dandan - krasa resik manèh - aku banjur metu saka kamar. Saiki lagi dak-gatèkaké: ruwang ngarep kamarku iku amba (sebutané 'ndalem gedhé'). Aku rada lingak-linguk, kudu menyang endi supaya ketemu uwong. Sisih tengen kamarku ana rana lan krobongan. Ing ndalem gedhé, kang katon ngilak-ilak saking ambané, ana méja kursiné Itelung pasang, kabèh moçlèl kuna. Aku milih marani dalan kang mangiwa, golèk lawang metu kang açlakan saka kamarku. Nalika ngarepaké metu ndalem geçlé, wis ceçlak karo lawang dak-parani, aku ndadak krungu wong rembugan sajak regejegan, swarané wong lanang lan wong wadon. Aku mançleg, gojag-gajeg. Nanging durung nganti muçleng apa sing paçla dirembug, mara-mara ana wang wadon mlebu ndalem geçlé: pyayi putri sing mbagèkaké rawuhé pak-lik Baskara mau. Pyayi putri mau mlaku nglèntèng sajak nepsu banget. Gelungané wuçlar ora dipreduli. 1;)èwèké terus waé nyabrang ndalem geçlé lan ilang ing lawang ·tumuju menyang pençlapa. 1;)èwèké ora weruh aku, marga aku rada nyisih ing panggonan kang peteng. Ing tangané ana barang kang digegem. Dak-waspadakaké kaya alu wesi.

'Sukinah! Aja nggugu karepmu çléwé! Rumangsamu piyé?! Yèn aku mati piyé, coba pikiren!' Kang ngendika mengkono iku pak-lik Baskara kang nusullakuné pyayi putri mau. Nanging ora dirèwès. Sing dibengoki -tetep nglèntèng waé.

Pak-lik ora mbanjuraké anggoné nututi pyayi putri mau, marga piyambaké nolèh menyang kamarku lan pirsa aku wis ceçlak kono. Sikepé uga banjur diowahi, ramah nyawang aku.

'Wong iku wis édan tenan, nçluk Laras. Éling-élingen kuwi.' 'Wonten punapa piyambakipun kok mbekta alu tosan?' pitakonku.

'Alu wesi? 0, çlèwèké lagi nçleplok glepung kanggo panganan slametan pitung dinané bu-likmu. 1;)èwèké iku satemené becik, ora disambat teka réwang ·çléwé. Angger ora crita bab ... bab sing siji mau, çlèwèké iku wong waras.'

Aku diajak pak-lik menyang mburi. Mlebu ing gançlok dipapagaké mripat rong pasang, mripat priya. Pandeng ngajèni. Ora akèh priya nom-noman weruh sepisanan nyawang aku kaya ngono. Ing asrama