Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/98

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

75

antjasing manah baḍé njolong sekoel. Sareng konangan Ki adjar ladjeng kasapa: „Kalingané kowé sing wani-wani njolong segané pangonkoe saben dina." Kèn Angrok soemaoer: „Kasinggihan pangandika sampéjan, pantjèn koela ingkang abanda wani menḍet sekoelipoen pangèn sampéjan saben dinten, awit déning keloewèn, boten wonten ingkang koela teḍa." Ki adjar witjanten malih: „Manawa kowé pantjèn keloewèn, tekaa ing. patapankoe, ndjaloeka sega saben dina, sabab ing kono saben dina akoe njadijani soegoehan dajoh."

Kèn Angrok toemoenten dipoen adjak ḍateng patapanipoen ing Batoer, kasegahan neḍa satoewoekipoen. Ki adjar ladjeng meling dateng bodjonipoen. „Mbokné, akoe awèh wekas ing kowé, jèn Kèn Angrok mréné, mangka akoe noedjoe ora ana ing omah, roematana sing betjik, mesakaké banget." Katjarijos Kèn Angrok saben dinten ladjeng ḍateng ingrikoe perloe neda sekoel.

Boten antawis lami Kèn Angrok késah saking ngrikoe, soemedya ontjat ḍateng Loeloembang, ndjoedjoeg ing Bandjarkotjapèt. Kotjapa wonten satoenggaling tijang tapa ing Toerjantapada, anama Empoe Palot. Empoe Palot waoe nggaḍahi ngèlmi darmakantjana, moeridipoen boejoet ing Kabalon, inggih poenika goeroening ngèlmi darmakantjana. Anoedjoe satoenggaling dinten, Empoe Palot waoe mantoek saking kaboejoetan ing Kabalon, sarwi mbekta emas kasar wawrat gangsal tail. Sadoemoeginipoen ing Loeloembang kèndel sawatawis dangoe, awit déning adjrih mantoek pijambakan ḍateng Toerjantapada, djalaran mireng pawartos, jèn ing margi wonten tijang doersila, namanipoen Kèn Angrok. Ananging Empoe Palot dèrèng soemerep tijangipoen.

Wonten ing pakèndelan ngrikoe Empoe Palot kepanggih kalijan Kèn Angrok. Kèn Angrok pitakèn: „Sampéjan baḍé késah ḍateng poendi?" Wangsoelanipoen Empoe Palot: „Koela saking Kabalon, adjeng mantoek teng grija koela ing Toerjantapada, nanging koela adjrih, djaréné ing margi onten bégal, nama Kèn Angrok, damelé ndjarah rajah tetijang sing sami langkoeng." Kèn Angrok mangsoeli sarwi mèngsem: „Jèn makaten, sampéjan baḍé koela ateraken mantoek, manawi kepanggih kalijan tijang ingkang nama Kèn Angrok,