71
Katjarijos Ki Djanggan waoe gaḍah taneman wit djamboe ing palataran sangadjenging grija minangka pepasrèn. Kala samanten wohipoen mbijet aḍeḍompolan. Nanging sarèhning dèrèng mateng, kaawisan ngoenḍoeh ḍateng Ki Djanggan, temboengipoen: „Bésoek baé jèn wohé wis mateng paḍa dioenḍoeh." Pramila boten wonten tijang ingkang koemawani nerak awisan poenika.
Kèn Angrok sareng soemerep wohing djamboe ndados, koemetjer sanget kepénginipoen, pramila ingkang dipoen angen- angen namoeng woh djamboe. Sareng sampoen ndoengkap wantji daloe, tetijang sampoen sami tilem, déné Kèn Angrok oegi tilem. Kala samanten pinten-pinten kaṭahing lawa ingkang medal saking emboen-emboenanipoen Kèn Angrok, ndilir miber ḍateng wit djamboe boten wonten kenḍatipoen, sadaloe moepoet sami neḍani woh djamboe gaḍahanipoen Ki Djanggan.
Endjingipoen ing plataran sanganḍaping wit djamboe ketingal woh djamboe mbleder, noenten dipoen pendeti réntjangipoen Ki Djanggan. Sareng Ki Djanggan soemerep woh djamboe risak mblasah ing siti, énggal pitakèn ḍateng salah satoenggaling djedjaka ingrikoe sarwi nepsoe: „Apa djalarané woh djamboe paḍa roentoeh nganti mblasah ing lemah?" Ingkang dipoen pitakèni mangsoeli:„Mila risak, awit kamangsa ing lawa."
Ki Djanggan énggal ngoepados ri pandjatos, wit djamboe ladjeng kaseroeng mawi ri pandjatos, daloenipoen djagi ing sanganḍaping wit djamboe. Déné Kèn Angrok mapan tilem ing èmpèr kidoel, sanḍing toempoekan kambengan prenahipoen Ki Djanggan jèn melit atep kambengan. Ingrikoe Ki Djanggan soemerep lawa tanpa witjalan katahipoen, medal saking emboen-emboenanipoen Kèn Angrok, aseloer maboer ḍateng wit djamboe sami mangsa wohipoen. Ki Djanggan djèngkèl manahipoen, mila sanget nepsoenipoen. Kèn Angrok énggal dipoen toenḍoeng oedakawis ing wantji tengah daloe. Kèn Angrok kagèt tangi kedandapan, ndjranțal loemadjeng medal, ladjeng mapan tilem ing ara-ara kambengan.
Boten antawis dangoe Ki Djanggan medal perloe noewèni panggénanipoen Kèn Angrok. Ingrikoe Ki Djanggan soemerep