Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/93

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

70

poen Bangosamparan roemijin samangké sampoen poelih malih. Sapoenika tetéla, jèn poen Bangosamparan angsal parmaning déwa ingkang linangkoeng. Bangosamparan ladjeng nilar panggénan ngabotohan waoe, nedya mantoek ing grijanipoen, Kèn Angrok atoet wingking.
Kotjapa Ki Bangosamparan waoe wajoeh ngalap ḍo, bodjonipoen ingkang sepoeh anama Genoekboentoe, déné ingkang anèm awasta Tirtadja. Mbok enèm waoe gaḍah anak gangsal, ingkang pambadjeng nama Pandji Bawoek, panggoeloenipoen nama Pandji Koentjang, panḍaḍanipoen nama Pandji Koenal, aḍinipoen nama Pandji Kenèngkoeng, déné woeragilipoen èstri awasta Tjoetjoepoeranti. Sarèhning mbok sepoeh poen Genoekboentoe boten gaḍah anak, Kèn Angrok ladjeng kapenḍet anak. Kèn Angrok ngantos lami anggènipoen manggèn ing grijanipoen bapa angkat poen Bangosamparan. Nanging sarèhning boten saged atoet roekoen kalijan saḍèrèkipoen para Pandji sakawan waoe, ingrikoe ladjeng boten kraos.
Kala samanten Kèn Angrok noenten minggat saking ḍoesoen Karoeman, késah ḍateng Kapoenḍoengan, kepanggih kalijan laré angèn nama Toewan Tita, inggih poenika anakipoen Toewan Sahadja, boejoeting Sagenggeng. Kèn Angrok kalijan Toewan Tita waoe ladjeng sami amemitran, saklangkoeng anggenipoen sami sih-sinihan, sampoen prasasat sadèrèk toenggil bapa-bijoeng. Laré kekalih waoe ngantos lami anggènipoen sami memitran, tansah atoet roekoen boten naté toekar paben, poenapa malih boten naté pepisahan, sampoen kénging pinaribasakaken renggang goela koemepjoer poeloet.
Nalika samanten Kèn Angrok kalijan Toewan Tita sami kepéngin saged maos saha njerat, ladjeng sami apoeroeita ḍateng Ki Djanggan ing kaboejoetan Sagenggeng, njoewoen kawoelang maos saha njerat. Laré kekalih waoe toemoenten dipoen woelang maoś saha njerat, poenapadéné kawoelang paramasastra, tjandrasangkala saha sawarnining pétangan dinten pekenan, paringkelan, pawoekon toewin sanès-sanèsipoen. Boten antawis lami moerid kekalih waoe sampoen njakoep sadaja piwoelangipoen Ki Djanggan ing kaboejoetan Sagenggeng.