69
Kèn Enḍok, poenapa malih barang gaḍahanipoen poen Lembong telas kadamel ngabotohan.
Wekasan Kèn Angrok kapasrahan angèn maésanipoen Ki adjar ing Lebak, katahipoen sarakit. Boten antawis dangoe, maésa ingkang dipoen engèn waoe itjal. Tjarijosipoen Ki adjar ingkang gaḍah, maésa kekalih waoe reginipoen woloeng èwoe kèpèng. Pramila Kèn Angrok ladjeng dipoen srengeni sarta dipoen oeman-oeman ḍateng bijoengipoen kalih pisan. „Kebangeten kowé ikoe, Angrok, saiki gelem ora gelem akoe sakaloron koedoe nglakoni dadi wong gaḍèn, sanadjan kowé oraa loenga saka kéné, akoe ija kepeksa dadi gaḍèné Ki adjar ing Lebak. Dangoe-dangoe Kèn Angrok boten betah soemerep kawontenaning tijang-sepoehipoen, ladjeng késah minggat atilar bapa ing ḍoesoen Tjampara saha ing ḍoesoen Pangkoer. Lampahipoen Kèn Angrok sampoen doemoegi ing Kapoendoengan, nanging ingrikoe boten wonten tijang ingkang poeroen dipoen ngèngèri.
Gentos katjarijos, ing ḍoesoen Karoeman wonten satoenggaling botoh awasta Bangosamparan. Anoedjoe satoenggaling dinten, poen Bangosamparan kawon anggènipoen ngabotohan kalijan Malandang ngantos telas-telasan. Sareng dipoen tagih, boten saged mbajar samboetanipoen. Bangosamparan ladjeng nempoeh bjat miroeda saking ḍoesoen Karoeman, soemedya semadi ing ḍoesoen Raboetdjaloe. Ingrikoe mireng swara doemeling saking awang-awang. „Hèh Bangosamparan, sira énggal balia menjang Karoeman, poetra ningsoen kang aran Kèn Angrok kang bakal ngloenasi oetangira." Bangosamparan saklangkoeng ngoengoen ing manah, boten talompé, ing wantji daloe poenika oegi ladjeng mangkat saking panepènipoen ing ḍoesoen Raboetdjaloe soemedya mantoek.
Sampoen pinasṭi ing déwa ingkang linoehoeng, ing margi Ki Bangosamparan kepanggih kalijan Kèn Angrok, kadosdéné sampoen samadosan, noenten dipoen adjak dipoen kèn toemoet pijambakipoen. Bangosamparan énggal ndjoedjoeg ing patopan, ingrikoe kepangkih kalijan poen Malandang, mengsahpoen ngabotohan roemijin. Tijang kekalih waoe ladjeng tapoek main, poen Malandang wekasan kawon, kawoni-