Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/91

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

68

manèh, déné barang gawankoe ija bali marang akoe manèh."

Sasampoenipoen sami pegatan, Kèn Enḍok manggèn ing ḍoesoen Pangkoer, kaprenah saelèring lèpèn, déné poen Gadjahpara gegrija ing ḍoesoen Tjampara, kaprenah sakidoeling lèpèn. Anggènipoen pegatan dèrèng ngantos djangkep sapeken, poen Gadjahpara ladjeng pedjah. Tetijang ingkang mireng sami ngoengoen ing manah saha sami ngraosi. „Teka nggoemoenaké, baji kang isih ana ing wetengan toemoesé panas banget, mentas baé pegatan, bapaké bandjoer mati.' Sareng sampoen doemoegi lèkipoen, Kèn Enḍok mbabar medal djaler. Djabang baji énggal binoetjal ing pabadjangan.

Katjarijos kala samanten wonten satoenggaling pandoeng, nama Lembong, ing wantji daloe keleres kesasar ing pabadjangan. Wonten ingrikoe soemerep tjahja moeroeb, énggal dipoen poeroegi. Sareng sampoen tjelak, tetéla jèn ingkang tjahjanipoen moeroeb moebjar kados latoe waoe baji, pinoedjoe nangis tjengèr-tjengèr. Poen Lembong saklangkoeng trenjoeh manahipoen, baji énggal katjanḍak, noenten kaemban kabekta mantoek, kapenḍet anak.

Let sawatawis dinten, Kèn Enḍok mireng pawartos saking réntjangipoen Lembong, jèn poen Lembong gaḍah anak poepon, laré waoe anggènipoen manggih ing pabadjangan ing wantji daloe, ingrikoe ketingal moeroeb kados latoe. Kèn Enḍok goepoeh késah ḍateng grijanipoen Lembong. Sareng dipoen njatakaken, tetéla jèn poenika anakipoen. Witjantenipoen ḍateng poen Lembong: „Kang Lembong, jèn ndika ten weroeh, baji sing ndika temoe onten ing pabadjangan nikoe, sanjatané anak koela. Jèn ndika adjeng weroeh moela-boekané anak koela nikoe, ndika koela bédjani. Saleresé bapaké anak koela nikoe Baṭara Brama. Sing saé enggèn ndika ngopèni laré nikoe, ndika anggep laré sing gaḍah bijoeng kalih bapak satoenggal."

Poen Lembong kalijan bodjonipoen saja lami saja wewah sihipoen ḍateng anakipoen poepon, laré waoe dipoen namakaken Kèn Angrok. Saja lami Kèn Angrok sangsaja minḍak ageng, ladjeng dipoen adjak mandoeng kalijan poen Lembong. Sareng sampoen ndoengkap wantji laré angèn, Kèn Angrok manggèn ing ḍoesoen Pangkoer. Barang darbèkipoen