67
ingkang saged kawaḍahan widji patoetaning déwa ingkang linoehoeng. Nalika samanten keleres wonten pangantèn énggal neḍeng pepasihan, ingkang djaler nama Gadjahpara, ingkang èstri nama Kèn Enḍok, padamelanipoen tetanèn. Noedjoe satoenggaling dinten, Kèn Enḍok késah saking grijanipoen ing ḍoesoen Pangkoer, soemedya ngintoen bodjonipoen, ingkang nembé nggarap sabin ing ḍoesoen Ajoega.
Sareng Baṭara Brama soemerep tijang èstri taksih enèm loemampah pijambakan, boten samar jèn poenika pawèstri ingkang pantes kanggénan widji minoelja, minangka sarana pamentjaring toewoehipoen, énggal toemoeroen njaketi. Kèn Enḍok noenten kinelonan wonten ing tegil ingkang katah latengipoen. Sasampoenipoen kadoemoegèn ing pikadjengipoen, Baṭara Brama ladjeng weweling dateng Kèn Endok, temboengipoen: „Poma, sira adja gelem tinoenggal toeroe karo bodjonira. Jèn sira nerak wewaler ingsoen, ora woeroeng bodjonira bakal mati, awit koemawani njenjoekeri widji ningsoen. Déné anak ingsoen kang woes tjoemiṭak ing goewa-garbanira ikoe, jèn wis tekan lèké, bakal metoe lanang, soenparingi aran Kèn Angrok. Ija ikoe kang bakal mengkoe tanah Djawa ing tembé." Baṭara Brama sasampoenipoen paring ḍawoeh pangandika makaten ladjeng moesna.
Kèn Enḍok ndoemoegèkaken lampahipoen ḍateng pasabinan ing ḍoesoen Ajoega. Boten dangoe kepanggih kalijan ingkang djaler, poen Gadjahpara, witjantenipoen:,,Kakang, ndadèkna kawroehanamoe, lakoekoe ing dalan kepetoek karo Hjang kang linoehoeng, bandjoer kinelonan ing tegal palatengan." Kèn Enḍok toemoenten nganḍaraken sadaja wewelingipoen Baṭara Brama ḍateng Gadjahpara. Sareng sampoen wantji sonten, Kèn Enḍok kaadjak wangsoel ḍateng ingkang djaler.
Sadoemoeginipoen ing grija, ing wantji daloe Kèn Enḍok noenten kaadjak tilem, nanging Kèn Enḍok lenggana, temboengipoen: „Hèh wong lanang, betjik akoe pegaten, awit banget wedikoe marang wekasé Baṭara kang mahaagoeng." Gadjahpara mangsoeli: ,,Wong wadon, jèn pantjèn mangkono kang dadi karepmoe, kaprijé manèh, akoe ija arep noeroeti, kowé dakpegat. Barang gawanmoe bali marang kowé