Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/89

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
3. KÈN ANGROK
I

Katjarijos ing djaman kina wonten satoenggaling waranḍa, grijanipoen ing kecamatan ḍoesoen Djipoet, gaḍah anak djaler satoenggal, kalakoeanipoen saklangkoeng awon. Watakipoen moersal, mbalasar toewin remen lampah bandrèk, boten pisan-pisan maèloe ḍateng ḍenḍanipoen Hjang Soeksma.

Anoedjoe ing satoenggaling dinten, laré waoe nilar grijanipoen, késah saking Djipoet soemedya ngoengsi ḍateng patapan ing Boelalak. Déné ingkang dados leloerahing Boelalak poenika anama Empoe Tapawangkeng. Kala samanten Empoe Tapawangkeng baḍé ndamel gapoeraning patapanipoen. Déwaning gapoera neḍa toembal ménda abrit satoenggal ḍateng Empoe Tapawangkeng. Witjantenipoen Empoe Tapawangkeng:,,Jèn akoe ora bisa olèh toembal weḍoes abang, masṭi bakal kleboe naraka. Manawa olèh toembal sarana matèni manoengsa, ora woeroeng akoe bakal nanḍang dosa pati."

Sareng laré moersal waoe mireng temboengipoen Empoe Tapawangkeng makaten poenika, ladjeng tjoemanṭaka njagahi dados koerban minangka toembal gapoera, boten-botenipoen baḍé tjidra ing djangdji. Wondéné anggènipoen gadah tékad ingkang kados makaten waoe, kabekta saking kepénginipoen énggal wangsoel malih ḍateng Wisnoeboewana, sageda ladjeng nitis malih ing martjapada. Empoe Tapawangkeng noeroeti sapaneḍaning laré, sageda nitis malih saha moekti ing boewana pepitoe. Sareng laré sampoen pedjah, énggal kadamel toembaling gapoera. Sanalika djisiming laré sirna wangsoel dateng Wisnoeboewana, ingkang dipoen èpi-èpi sageda nitis malih wonten ing sawétaning redi Kawi.

Kotjapa Baṭara Brama, mider-mider ngoepados tijang èstri