Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/85

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
62

rabi sampoen angsal satengah woelan dèrèng atoet. Poenika waoe doemadakan ladjeng ngrangkoel dateng koela, déné ki raka dipoen kèn medjahi. Nanging koela boten pisan gaḍah tjipta awon dateng ki raka, namoeng tjipta koela roemaos kapotangan saé dateng ki raka, déné ki raka ngatoetaken anggèn koela rabi."

Boten antawis dangoe ingkang èstri dateng, mbekta sekoel winaḍahan ing soemboel, kalijan petjel ajam saha djangan menir. Ingkang èstri witjanten: „Déné wongé ora kokpatèni, kakang." Wangsoelanipoen Bambang Sagotra: „Ija, mengko takpatènané, saiki takdjaké mangan disik. Kowé moeliha, jèn ora tahan ndeleng getih!" Ingkang èstri ladjeng mantoek. Bambang Sagotra prasetya dateng Radèn Pamadé: „Béndjing prang Bratajoeda, ki raka, koela sampéjan damel tawoer! Déné jèn koela pedjah boten meningi prang Bratajoeda, anak koela badé koela weling, dadosa tawoer prang Bratajoeda." Ladjeng sami bibar.

V

Gentos katjarijos Bagawan Idjrapa, poetranipoen djaler satoenggal, awasta Bambang Érawan. Badanipoen dipoen popok ing boemboe oelam waradin badan sakodjoer, badé katjaosaken dateng ratoenipoen, inggih poenika ratoe danawa, nama Radja Baka. Ketoengka ḍatengipoen Radèn Arja Bratasena, ladjeng apitakèn, temboengipoen: „Kijé botjah apa sing pinopok ing boemboe?" Bagawan Idjrapa soemaoer:,,Badé koela damel saosan ratoe koela, sabab ingkang minangka dados paos koela tijang ingkang dados ḍaharipoen Sang Nata. Sampoen watawis lami koela ngoepados tijang boten angsal, mila anak koela ingkang baḍé koela saosaken, awit badan koela pijambak sampoen sepoeh, ratoe koela boten karsa, jèn boten tijang ingkang taksih nèm." Radèn Arja Brataséna ngandika: „Akoe baé, kaki, ladèkna marang ratoemoe. Anakmoe mesakaké. Akoe moeng ndjaloek opah sega saiwaké." Bagawan Idjrapa witjanten: „Oedjar sampéjan poenika poenapa temen?" Radèn Arja Brataséna soemaoer:,,Mesti temen, kaki."