Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/84

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

61

tjelaki. Anoedjoe satoenggaling dinten, bodjonipoen Bambang Sagotra waoe loemampah ḍateng senḍang soemedya ngangsoe saha mbekta lodong. Sadoemoeginipoen ing senḍang, dangoe tansah toemoengkoel ngilo ing toja. Radén Pamadé sareng soemerep noenten ḍateng ndjoedjoeg ing sawingkingipoen mbok pangantèn. Nanging ngantos dangoe mbok pangantèn boten nolih, tansah ngilo ing toja kémawon. Ladjeng dipoen doemoek gitokipoen dateng Radèn Pamadé saha dipoen pitakèni: „Wong ajoe, kowé omahmoe ingendi, déné kendel temen ngangsoe déwé ing senḍang?” Mbok pangantèn ndjerit saking kagètipoen saha énggal loemadjeng sipat koeping, lodongipoen katilar. Ingkang djaler Bambang Sagotra, ngangoek-angoek ingkang éstri wonten ing margi. Boten antawis dangoe ingkang èstri ketingal loemadjeng ndjoedjoeg ing panggénanipoen. Saḍatenging ngadjengipoen ingkang djaler, ladjeng énggal ngrangkoel Bambang Sagotra sarwi nangis: „Kakang, akoe lagi ngangsoe ana ing sendang tjengelkoe teka didoemoek ing wong lanang. Patènana kakang, wong lanang sing koemawani ndoemoek giṭokkoe maoe!” Bambang Sagotra soemaoer: „Ija, wongé takpatènané, nanging kowé adanga dingin sing poenel, lan kelana menir, metjela pitik. Wongé takdjaké mangan ḍisik, jèn woes wareg bandjoer takpatènané, dadi akoe ora djeneng nganiaja.” Ingkang èstri mitoehoe, ladjeng mantoek soemedya olah-olah.
Kotjapa Bambang Sagotra ladjeng moeroegi Radén Pamadé, alon apitakén, temboengipoen: „Ki raka asal saking poendi, lan sinten wastanipoen ki raka?” Radèn Pamadé mangsoeli: „Poen kakang ing Gadjahoja pinangkané, arané poen kakang, jèn si adi gelem ngarani, si Pamadé.” Bambang Sagotra pitakèn malih: „Poen kakang badé dateng poendi?” Radèn Pamadé soemaoer: „Poen kakang satemené arep priman sega anaa sakepel baé. Ing kéné maoe ana wong wadon ngangsoe, arep taktakoni omahé ingendi, doeroeng nganti mangsoeli bandjoer loemajoe nggendring karo nangis. Saoepama wong ika maoe wewadoel marang sing lanang, ora woeroeng sing lanang bandjoer nepsoe. Akoe ora nedja apa-apa, moeng takon satemené.” Bambang Sagotra soemamboeng: „Tijang èstri poenika waoe bodjo koela, anggén koela