60
Temboengipoen: „Akoe ora krasan ana ing kéné. Moega ana
pitoeloengmoe, akoe oelihna menjang madyapada. Déné iboekoe lan sadoeloerkoe arep takgawa kabéh.” Wangsoelanipoen Hjang Antaboga: „Jèn kowé ora krasan ana ing kéné, ija akoe kang bakal mitoeloengi marang kowé, ngoelihaké menjang madyapada, nanging bodjomoe gawanen.” Wangsoelanipoen ingkang poetra: „Anakmoe taktinggal, ora takgawa, manawa nangis, sabab saiki akoe lagi soesah banget. Moeng baé akoe tinggal wekas marang kowé, jèn oléhé meteng anakmoe metoe lanang, poetoemoe djenengna si Antaséna. Jèn lair wadon, ija sakarepmoe anggonmoe ndjenengaké.” Radén Arja Brataséna toemoenten katedahaken marginipoen toemimboel, inggih poenika medal soemoer Djalatoenḍa. Ladjeng kasabda dateng Hjang Antaboga: „Moega-moega kowé bisaa moenggah ing soemoer Djalatoenda kono, sarta gampanga lakoemoe, adja nemoe alangan sawidji apa!”
Radén Arja Brataséna ladjeng pamit ḍateng ingkang marasepoeh saha dateng ingkang garwa. Déwi Koenṭi sapoetranipoen sadaja sasampoenipoen pamit ḍateng ing Hjang Antaboga toewin ḍateng Nagagini, énggal sami mangkat, minggah medal ing soemoer Djalatoenda. Boten antawis dangoe sampoen ngantjik ing madyapada, sadaja sami soeka bingah ing manah ningali paḍanging soerja toewin woelan. Rikala wonten ing Saptapratala boten wonten sami kraos loewé, nanging sareng sampoen sami ngantjik madyapada, Déwi Koenṭi kraos loewé, mila ladjeng dawoeh ḍateng ingkang poetra kekalih ndikakaken pepriman. Radén Arja Brataséna saha Radén Pamadé énggal sami mangkat ngèstokaken dawoehipoen ingkang iboe, saha pados poeroeg pijambak-pijambak.
Gentos katjarijos, wonten pangantén énggal, awasta Bambang Sagotra, sampoen satengah woelan dèrèng atoet kalijan ingkang èstri, sanget ndadosaken ing soesah saha roeweting manahipoen, amargi ingkang èstri boten poeroen dipoen