Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/82

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

59

Radén Arja Brataséna ladjeng dipoen tantoen, nanging mopo. Noenten dipoen peksa ḍateng ingkang raka Radèn Poentadéwa, saha kalilan nglangkahi ingkang raka. Pangandikanipoen Radèn Poentadéwa: „Pira-pira ana kang welas ngoekoep ing awakmoe. Lan maningé jèn koklakoni, kowé bisa ngajomi sadoeloermoe kabéh lan iboemoe. Saréhné ing mengko pada kesoesahan mangkéné, ana kang welas marang kowé, betjik langgatana!” Radén Arja Brataséna mangsoeli dateng ingkang raka: „Ija akoe gelem nglakoni, nanging moeng awit saka ing paréntahmoe, ora metoe saka ing karepkoe déwé.”
Sareng sampoen sami golong ing rembag, Dèwi Koenti sapoetranipoen sadaja kabekta loemebet ing kadaton. Tjekaking tjarijos, Radèn Arja Brataséna ladjeng kapanggihaken kalijan Dèwi Nagagini, saha kaprenahaken ing dalem kapoetrén, sawingkinging kaḍaton. Ingkang garwa ladjeng karoengroem, nanging pangroengroemipoen sanés kalijan tijang katah. Ingkang garwa katjanḍak, ladjeng dipoen obat-abitaken, noenten kaoemboelaken, wekasan sinangga ing asta, ladjeng kaobat-abitaken malih. Paranjai ingkang noedjoe nijipati kelintoe serep, énggal loemadjeng ngatoeri oeninga ḍateng Hjang Antaboga.
Hjang Antaboga kagét ing galih, ladjeng loemebet ing kapoetrèn manggihi ingkang poetra. Ingrikoe Radén Arja Brataséna pinanggih pinarak kalijan ingkang garwa. Hjang Antaboga ḍateng, ladjeng pitakén, temboengipoen: „Apa kang dadi kaloepoetané bodjomoe, déné kokobat-abitaké?” Radén Arja Brataséna mangsoeli: „Akoe ora roemasa srengen oetawa nggitik anakmoe. Jèn kowé ora ngandel, mara, anakmoe takonana déwé!” Hjang Antaboga ndangoe ḍateng ingkang poetra Dèwi Nagagini. Atoeripoen Déwi Nagagini: „Koela boten roemaos dipoen obat-abitaken, koela namoeng roemaos tilem wonten ing bandoelan kalijan dipoen kepeti.” Hjang Antaboga soeka goemoedjeng sarwi ngandika: „Ija Brataséna, akoe moeng pasrah bodjomoe.” Ladjeng medal.
Sareng sampoen antawis lami, Dèwi Nagagini wawrat. Radèn Arja Brataséna sowan dateng ingkang rama marasepoeh Hjang Antaboga, njoewoen pamit baḍé wangsoel.