58
dosi. Hjang Antaboga ladjeng késah ngoepadosi, medal sadjawining régol.
Katjarijos Pandawa gangsal ingkang anoet ing salampahipoen garangan peṭak. Sareng doemoegi kori widjil pisan ing kadaton Saptapratala, garangan petak ladjeng moesna. Dèwi
Koenṭi sapoetranipoen satemah sami bingoeng, boten oeninga
marginipoen. Wasana Déwi Koenti moewoen, sambat dateng Resi Narada ingkang roemijin sampoen paring weling, temboengipoen: „Déné garangan poetih olèhé tetoeloeng marang akoe ditekakaké ing kéné, doemadakan ditinggal moesna. Iki baja tanah endi, akoe doeroeng soemoeroep djenengé.” Akatah-katah sambatipoen Dèwi Koenṭi sarwi moewoen kelara-lara.
Boten antawis dangoe kori menga, Hjang Antaboga medal, soemerep wonten tijang gangsal, èstri satoenggal dados nenem. Hjang Antaboga pitakén, temboengipoen: „Sampéjan poenika tijang ing poendi, déné nangis wonten ingriki?” Déwi Koenti soemaoer: „Koela tijang Gadjahoja, mentas dipoen kaniaja dateng kapénakan koela, Praboe Djajapitana ing Ngastina, dipoen besmi ing salebeting balé Sigala-gala ing Tegalkoeroe. Anggèn koela dateng mriki awit toet wingking garangan petak. Sareng doemoegi ingriki garangan moesna, mila koela kèndel. Sampéjan poenika ing poendi grija sampéjan, lan sinten nama sampéjan?” Hjang Antaboga mangsoeli: „Koela tijang ngriki, ingkang gaḍah wewengkon poenika inggih koela, déné nama koela Batara Antaboga. Ingkang wonten wingking sampéjan poenika kaprenah poenapa kalijan sampéjan?” Dèwi Koenṭi soemaoer: „Gangsal poenika anak koela.” Hjang Antaboga pitakén malih: „Namanipoen
sinten?” Dèwi Koenti soemaoer: „Ingkang sepoeh nama poen
Poentadéwa, panggoeloe nama poen Brataséna, panengah nama poen Pamadé, woeragil nama poen Pintèn, ingkang nèm pisan poen Tangsén.” Hjang Antaboga alon temboengipoen: „Jèn sampéjan lega ing manah, soewawi sami bésanan. Koela gadah anak èstri, koela namani poen Nagagini. Déné ingkang koela senengi anak sampéjan ingkang panggoeloe poenika.” Wangsoelanipoen Dèwi Koenṭi: „Inggih soemangga.”