Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/80

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

57

ngandika, tansah gereng-gereng, sanget ngoengoen ing galih, kéngetan ingkang raji para Pandawa toewin ingkang bibi. Noenten paring dawoeh ndikakaken mariksa panggènanipoen ingkang raji. Awoe ingkang kados redi énggal katiti-priksa, ingrikoe ketingal wonten ingkang kados wangké, menggah kaṭahpoen gangsal, ingkang mémper Radén Arja Brataséna ageng inggil. Sang Nata kaatoeran oeninga, ladjeng teḍak. Sareng ningali awoe ingkang mèmper Radén Arja Brataséna ageng inggil, nggalih jèn ingkang raji Panḍawa sami pedjah kebesmi, dalasan ingkang bibi Dèwi Koenṭi. Awoe ladjeng rinangkoel ing Sang Nata sarwi moewoen kados tijang èstri. Kaṭah-kaṭah ingkang sinambat ing salebitipoen moewoen waoe, saha kèngetan ḍateng ingkang paman Praboe Panḍoedéwanata. Patih Arja Sangkoeni toemoenten matoer ngrerepa, Sang Nata ingatoeran kèndel. Temboengipoen: „Poen bibi toewin raji-raji dalem sampoen sami saé panggénanipoen, sami mantoek dateng kaswarganipoen. Manawi pandjenenganing nata sanget moewoen, saha ngedalaken waspa kados tijang èstri, boten saé, soeda kaloehoeranipoen.” Sang Nata sareng miḍanget atoeripoen Patih Arja Sangkoeni, ènget ladjeng pinarak sarwi ngoesapi waspa, nanging taksih senggroek-senggroek. Énggal paring dawoeh ndikakaken njandi awoenipoen ingkang raji saha ingkang bibi. Ḍawoeh pangandikanipoen Sang Nata énggal linampahan, awoe ladjeng katjandi wonten ing Tegalkoeroe tengah leres. Sareng sampoen rampoeng, Sang Praboe ladjeng biḍal kondoer, Koerawa sami soeka manahipoen. Doemoegi salebeting nagari Ngastina wantji poekoel sanga daloe.

III

Gentos katjarijos kaḍaton ing Saptapratala, Hjang Antaboga pinarak kalijan ingkang poetra Déwi Nagagini. Ingkang poetra ngatoeraken soepenanipoen. Ing salebeting soepena ketingal kepanggih asta loengijan kalijan panenggaking Panḍawa, wasta Radén Arja Bratasénma. Déwi Nagagini sanget ing brangtanipoen, mila ingkang rama kapoerih ma-