Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/79

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

56

mbisiki ingkang tengga oetjeng-oetjeng. Sareng sampoen sami kawangsit, oetjeng-oetjeng podjok kidoel-kilèn kasoemed moengel djoemeḍot. Para Koerawa sami loemadjeng mangétan sarwi alok latoe. Sakala poenika oegi Praboe Djajapitana kabekta medal ing Koerawa kațah. Sasampoenipoen doemoegi ing djawi, oetjeng-oetjeng podjok lèr-wétan ladjeng sinoemed. Déné para Panḑawa kantoen pijambak, boten wonten ingkang noeloengi. Latoe moebal saja ageng, mrèmèn mangétan moeroeb angantar-antar.
Kotjap Radèn Arja Brataséna, boten toena ing wiwéka, sanalika ingkang iboe, ingkang raka saha ingkang raji énggal sami rinangkoel dados satoenggal. Sareng ningali ngiwa nengen boten wonten ingkang ketingal. Kirang sakeḍik latoe doemoegi ing panggénanipoen Radèn Arja Bratasena, kilèn wétan moebal saja ageng. Ladjeng wonten garangan peṭak ḑateng ingarsanipoen Radèn Arja Brataséna. Doemadakan siti bengkah, garangan ladjeng ambles ing siti. Radèn Arja Brataséna énggal toet wingking ḍateng garangan petak. Ingkang iboe, ingkang raka saha ingkang raji sami kabekta ambles ing siti. Latoe toemoenten tepang dados satoenggal nglangkoengi ageng kados redi kebesmi, agenging latoe méh soenḑoel ing langit, sarta moengel pating djareḍot kados sandjata sakeți. Namoeng Panḑawa gangsal ingkang prasasat kebesmi wonten salebeting latoe, awit ḍatenging latoe poekoel kalih welas sijang, sirepipoen wantji poekoel sakawan. Sasireping latoe, awoe kados redi alit-alit.
Katjarijos Praboe Djajapitana ingkang kabekta soemingkir ḑateng para Koerawa kațah, sasampoenipoen ontjat ladjeng ndangoe ingkang raji para Panḑawa gangsal saha ingkang bibi Dewi Koenți. Patih Arja Sangkoeni, Radèn Arja Doersasana toewin Koerawa sadaja sami matoer boten soemerep ing pladjengipoen, boten wonten ingkang noeloengi, amargi kesesa, dados sami kesoepèn. Praboe Djajapitana sanget soemelang ing galih, koewatos jèn ingkang bibi toewin ingkang raji Panḑawa kebesmi ing latoe. Pangandikanipoen: „Iki maoe geni apa?" Sadaja sami matoer boten soemerep sangkaning latoe. Patih Arja Sangkoeni matoer sarwi njembah: „Pandoegi kawoela latoe salad." Sang Nata kèndel boten