55
Dèwi Koenți: „Leres pangandikanipoen bibi, samanten poenika jèn dateng tijang sanès."
Praboe Djajapitana ladjeng wiwit tjatoer kalijan ingkang raji Radèn Poentadéwa. Sapisan Praboe Djajapitana kawon, kaping kalih inggih kawon. Sareng kaping tiga sampoen baḑé kawon, Patih Arja Sangkoeni énggal nginger papan tjatoer. Nalika poenika Dèwi Koenți mirsa, jèn papan tjatoer kainger dateng Patih Arja Sangkoeni, ladjeng doeka. Pangandikanipoen: „Ala temen si Sangkoeni ikoe, atiné kaja sétan. Raimoe ala, atimoe ija ala." Patih Arja Sangkoeni saklangkoeng adjrih saha lingsem, noenten moendoer wangsoel dateng panggénanipoen malih, noenggil Radèn Arja Doersasana.
Boten antawis dangoe Radèn Arja Brataséna ḑateng, ladjeng lenggah ing kiwanipoen ingkang raka Radèn Poentadéwa. Praboe Djajapitana saklangkoeng soeka ing galih saḑatengipoen ingkang raji, sabab sampoen dangoe kaadjengadjeng. Ingkang raji Radèn Poentadéwa énggal kaparingan larih, makaten oegi Radèn Arja Brataséna, Radèn Pamadé, Radèn Pintèn saha Radèn Tangsèn. Patih Arja Sangkoeni ingkang ngladosaken minoeman. Sareng sampoen kaping tiga, Praboe Djajapitana ngoendjoek sareng kalijan ingkang raji para Panḍawa. Radèn Arja Doersasana ladjeng nglarihi ngadjak ngoendjoek ingkang raji Panḑawa gangsal pisan. Radèn Doermoeka noenten madjeng nglarihi ngadjak ngoendjoek ingkang raji Panḑawa gangsal. Ananging Radèn Arja Brataséna boten karsa, wangsoelanipoen: „Akoe wis mendem." Koerawa sadaja sami nglarihi gentos-gentos ngadjak ngoendjoek, temboengipoen sami soeka wiloedjeng palihan nagari. Namoeng Radèn Arja Brataséna ingkang boten poeroen, saben-saben dipoen adjak ngoendjoek wangsoelanipoen: „Akoe wis mendem." Radèn Poentadéwa, Radèn Pamadé, Radèn Pintèn saha Radèn Tangsèn sami woeroe sanget, sadaja sampoen sami soepé, prasasat pedjah.
Patih Arja Sangkoeni sareng ningali Panḍawa sampoen sami soepé, dinoegi jèn sampoen sami boten saged loemadjeng, noenten bisik-bisik ḍateng Radèn Arja Doersasana. Patih Arja Sangkoeni ladjeng mangétan mbisiki ingkang tengga oetjeng-oetjeng, Radèn Arja Doersasana mangilèn oegi