Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/77

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

54

doeroeng teka, pasanggrahan ija ora wiwit diobong. Déné mengko jèn kowé teka, manawa dilarihi kakangamoe si Djajapitana, ija tampanana! Nanging jén dilarihi si Doersasana, adja arep! Awit samangsa si Doersasana koktampani larihé, ora woeroeng sadoeloermoe para Koerawa kabéh paḍa awéh larih marang kowé. Lan manéh mengko jén wiwit ana geni, kowé adja loemajoe, kakangamoe lan iboemoe sarta aḍi-aḍimoe kabéh rikat pada rangkoelen dadi sidji! Jèn kowé soemedya metoe, sajekti ora bisa, sabab dedalanmoe ing djaba woes dirakiti. Mengko jén ana garangan poetih ana ingarepmoe, ikoe baé saparané toeten boeri! Kang ikoe adja soemelang atimoe, poma di-éling, ora nana wewekaskoe manéh! Wis karia, akoe takmoelih menjang Soeralaja.” Resi Narada ladjeng moemboel, déné Radén Arja Brataséna énggal wangsoel ḍateng pasanggrahan.
Katjarijos ingkang wonten ing pasanggrahan, Praboe Djajapitana ngentosi ingkang raji Radèn Arja Brataséna, dangoe déréng wonten wangsoel. Noenten moenḍoet papan tjatoer, ingkang raji Radèn Poentadéwa kawoelang lampahing tjatoer. Pangandikanipoen: „Iki adi, ginawé sinaoe wong arep dadi ratoe, karebén weroeh Jakoening bala, oetawa lakoening gadjah, djaran sapanoenggalané.” Radèn Poentadéwa kawoelang kaping kalih, ladjeng saged. Ingkang raka ngandika: „Si aḍi wis pinter, saiki wiwit manéh, nanging nganggo toh, jén poen kakang kalah, bajaré nagara Ngastina saparo. Jén si adi kalah, apa bajaré si aḍi?” Radèn Poentadéwa matoer: „Manawi koela kawon, pedjah koela ingkang dados bajaripoen.” Déwi Koenti njelani pangandika: „Kendel temen kowé ikoe, Poentadéwa, wong doeroeng bisa, mbok adja nganggo totohan, ora woeroeng kalah.” Praboe Djajapitana mangsoeli dateng ingkang bibi sarwi goemoedjeng: „sampoen koewatos ing galih, bibi, mangsa koela temenana poen adi, sanadjan kawona mangsa mbajara sajektos, namoeng kadamel goedjengan kémawon.” Déwi Koenti mangsoeli: „Boten kénging, anak Praboe, jén ratoe pangandikanipoen dipoen anggep gegoedjengan kalijan dora. Poenapa ingkang kapangandikakaken ing ratoe kedah dipoen tetepi.” Sang Praboe Djajapitana mésem saha matoer ḍateng ingkang bibi