minggah ing balé pandjang sadaja. Ingrikoe boten kirang boten langkoeng panggénan, sadaja saged kawrat ing balé pandjang, kados-déné sampoen dipoen oekoer. Sasampoenipoen satata pinarak, Koerawa sami soeka-soeka sarta larih wantoe-wantoe. Radèn Brataséna angloh, amargi kraos sanget soemoek, noenten pamit dateng ingkang raka Praboe Djajapitana baḍé medal ing djawi sakeḍap. Sang Nata nglilani sarwi ngandika: „Ija aḍi, nanging adja soewé-soewé." Radèn Arja Brataséna ladjeng medal ngisis wonten ing sadjawining pasanggrahan. Boten antawis dangoe soemerep wit goerda ageng kaprenah wonten ing lèr-wètan, noenten dipoenpoeroegi. Radèn Arja Brataséna sènḍèn ing wit goerda, katempoeh ing angin kraos sakétja ladjeng saré.
Gentos katjarijos, ing Soeralaja kaḍatengan gara-gara, para déwa sami gègèr boesekan kados gabah dipoen interi. Resi Narada énggal toemoeroen ing martjapada, ndjoedjoeg ing wit goerda panggénanipoen saré Radèn Arja Brataséna. Ingrikoe Radèn Arja Brataséna ladjeng dipoen goegah, kaojog-ojog, tjineblèkan seroe, nanging kèndel kemawon. Resi Narada noenten ngoenoes tjoendrik, Radèn Arja Brataséna tjinoendrik poepoenipoen wanti-wanti, ngantos sajah Resi Narada, éwadéné ingkang saré taksih kèndel kémawon. Radèn Arja Bratasena ladjeng dipoen entebi séla ageng-ageng, séla remoek sadaja, Radèn Arja Brataséna malah sangsaja sakétja anggènipoen saré. Resi Narada telas akalipoen, temah ndjetoeng. Dangoe-dangoe Resi Narada manggih akal, énggal menḍet pandjatos, ginetjak poetjoekipoen. Radèn Arja Brataséna woeloe-tjoemboenipoen kalelet ing pandjatos, ladjeng dipoen senḍal. Sanalika oegi Radèn Arja Brataséna kagèt, ladjeng djoemeneng, tingalipoen abrit ngatirah, kabekta saking ragi woeroe. Panon moebeng, ningali langit kados ébah, boemi kados gondjing. Ningali ngiwa nengen boten wonten ingkang ketingal, namoeng Resi Narada ingkang ngoewoeh-