Sangkoeni ḍateng, ladjeng katimbalan. Sareng doemoegi ingadjengan, Arja Sangkoeni ladjeng matoer ḍateng Dèwi Koenţi: ,,Kawoela dipoen oetoes ḍateng ingkang poetra Sang Nata, pandjenengan sampéjan dipoen atoeri loemebet ing kaḍaton, sesarengan kalijan ingkang poetra sadaja." Dèwi Koenți ladjeng ḍawah ḍateng ingkang poetra sadaja, sami ndikakaken dandos. Sasampoenipoen samekta ladjeng mangkat, Radèn Bratasena loemampah ing wingking.
Salebeting kaḍaton Ngastina, Praboe Koeroepati sampoen nampèni atoeripoen Radèn Arja Doersasana, jèn pasanggrahan sampoen dados. Sang Nata saklangkoeng soeka ing galih. Boten antawis dangoe ingkang bibi rawoeh toewin ingkang raji sadaja. Ingkang bibi énggal kaatoeran ladjeng loemebet ing kaḍaton, sarta ingkang raji sadaja. Praboe Koeroepati atoer pambagé dateng ingkang bibi Dèwi Koenți, toewin para raji sadaja. Sang Nata ladjeng matoer ḍateng ingkang bibi:,,Koela badé ngèstokaken welingipoen raka djengandika,
Kangdjeng paman Praboe ingkang sampoen soemaré. Menggah nagari Ngastina poenika ingkang sapalih wonten ing
koela, ingkang sapalih dateng poetra djengandika poen aḍi.
Ing mangké nagari baḍé koela palih tengah leres, kados oepaminipoen tijang njigar samangka. Déné anggèn koela ngoeloengaken boten wonten ingriki, nanging wonten ing pasanggrahan ing Tegalkoeroe." Dèwi Koenți mangsoeli: „Langkoeng prajogi karsanipoen anak Praboe ingkang makatenwaoe." Ladjeng atengara biḍal. Para Panḍawa sami kaparingan rata satoenggal-satoenggal, namoeng Radèn Poentadéwa noenggil dados satoenggal kalijan ingkang raka Praboe Djajapitana. Dèwi Koenți kasaosan djoli, déné Radèn Arja Brataséna ḍarat kémawon. Ramé swaraning bala ingkang sami ngeteraken.
Sareng doemoegi ing Tegalkoeroe, Praboe Djajapitana teḍak saking rata, ingkang raji Radèn Poentadéwa kinanți, toemoenten sami loemebet ing pasanggrahan saha pinarak ing balé pandjang. Sang Praboe pinarak wonten wétan madjeng mangilèn, lenggah djadjar kalijan ingkang raji Radèn Poentadéwa. Wondéné ingkang bibi tjelak kalijan Sang Nata toewin Panḍawa sakawan. Para Koerawa sami katimbalan
Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/74
Praèn ꦥꦿꦲꦺꦤ꧀
Kaca iki wis divalidasi
51