50
poen dados, koela kèngkèn énggal ngoendjoeki oeninga. Déné paman Arja Sangkoeni koela poerih ladjeng ḍateng Gadjahoja, nimbali poen aḍi gangsal pisan, sarta bibi Koenti. Jén pasanggrahan sampoen dados, ladjeng koela adjak sesarengan kalijan koela ḍateng Tegalkoeroe.” Ladjeng sami bibaran. Praboe Djajapitana loemebet ḍateng kapoetrèn. Dèwi Gendari ladjeng adamel serat, kaparingaken ḍateng Patih Arja Sangkoeni. Arja Sangkoeni kaparingan sandawa kaṭahipoen woloeng tong, sampoen kabekta medal ing para tjèṭi.
Ingkang taksih wonten ing pasowanan djawi para Koerawa sadaja, Patih Arja Sangkoeni énggal nḍawoehaken pangandika dalem. Radén Arja Doersasana sasadérékipoen para Koerawa ndikakaken ndamel pasanggrahan ing wana Tegalkoeroe, baḍé kadamel pepanggihan malih nagari Ngastina, ingkang sapalih kaparingaken ingkang raji ing Gadjahoja. Radèn Arja Doersasana sasadèrèkipoen sareng mireng ladjeng sami ndjetoeng sadaja. Boten antawis dangoe para tjèṭi ḍateng ngrerampa tong, kapateḍakaken ḍateng Patih Arja Sangkoeni. Kaṭahing etong woloe, sarta kapateḍan serat. Sareng sampoen katampèn, para tjèṭi ladjeng sami wangsoel. Menggah idjemaning serat, ndikakaken ndamel balé gala-gala. Tegesing gala: lak. Sawarnining dandosanipoen grija ndikakaken deling wetah sadaja. Salebeting deling ndikakaken ngisèni sandawa, kaṭahipoen woloeng tong, kaisèkna sadaja, déné podjok sakawan kadèkèkana oetjeng-oetjeng. Jén sampoen palihan nagari, Pandawa ndikakaken nglarihi pijambak-pijambak ḍateng ingkang raji ing Gadjahoja, soepados sami woeroea. Manawi sampoen sami woeroe sanget, oetjeng-oetjeng podjok kidoel-kilèn ndikakaken njoemed roemijin. Praboe Djajapitana noenten ndikakaken mbajang medal, toemoenten oetjeng-oetjeng ingkang wonten podjok lèr-wétan ndikakaken njoemed. Titi idjemaning serat. Para Koerawa sami bingah, tengara moengel, ladjeng sami biḍalan. Patih Arja Sangkoeni mangkat ḍateng Gadjahoja, déné para Koerawa sami biḍal ḍateng Tegalkoeroe.
Katjarijos ing Gadjahoja, para Pandawa sami wonten ingarsanipoen ingkang iboe. Boten antawis dangoe Patih Arja