Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/71

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
2. OBONG-OBONGAN BALÉ SIGALA-GALA


I

Katjarijos nagari Ngastina, sasédanipoen Praboe Panḍoedéwanata, ingkang nggentosi djoemeneng nata ingkang poetra kapénakan, awasta Radèn Djajapitana, poenika kala taksih timoer kapoenḍoet poetra ḍateng ingkang paman Praboe Panḍoedéwanata. Sareng Praboe Panḍoedéwanata séda, poetranipoen pijambak Panḍawa gangsal taksih timoer. Ingkang sepoeh Radèn Poentadéwa, dèrèng pantes djoemeneng nata, dados poetra angkat Radèn Dajapitana ingkang kaweling ndikakaken nggentosi kaprabon, sarta kaweling ingkang raji Pandawa gangsal sadèrèngipoen sami diwasa ndikakaken mantji ingkang dados daharipoen nagari Ngastina sapalih. Déné jèn Radén Poentadéwa sampoen diwasa, Radén Djajapitana ndikakaken ladjeng sèlèh kaprabon dateng ingkang raji Radén Poentadéwa.

Ing nalika poenika Radèn Djajapitana sampoen djoemeneng nata ing nagari Ngastina, adjedjoeloek Praboe Koeroepati, inggih Praboe Soejoedana, inggih Praboe Djajapitana. Sasampoenipoen djoemeneng, ingkang éjang Bagawan Abijasa ladjeng kondoer dateng woekir Ratawoe, déné Pandawa gangsal kapasrahaken ḍateng ingkang raka Praboe Djajapitana. Para Pandawa waoe ladjeng sami kaprenahaken wonten ing Gadjahoja, kaemong ḍateng ingkang iboe Déwi Koenti.

Praboe Djajapitana sareng sampoen djoemeneng nata antawis tigang woelan laminipoen, anoedjoe ing dinten Senén mijos sinéwaka ing sitinggil. Para Koerawa sami pepak wonten ing pasowanan ing aloen-aloen. Déné ingkang wonten ingarsa dalem Patih Radén Arja Sangkoeni. Praboe Djajapitana ngandika dateng ingkang paman, Patih Arja