Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/66

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

43

kantoen, sareng panjaoetipoen, kakalihipoen sami tatagipoen kepanggih ing mengsah. Kala Moerti ladjeng naradjang Radén Sengkan, énggal tinadahan ing petjoet kénging sirahipoen. Déné Kala Srenggi sareng nempoeh Radén Toeroenan ladjeng pinetjoet patakipoen, temahan sato kekalih waoe sami dawah klenger, dangoe boten énget. Ki Belang wajoejang saha ki Tjandramawa trengginas moeroegi kéwan kekalih waoe, énggal kineloehan ing tampar setagi, noenten dipoen oeger ing kekadjengan ageng. Kala Moerti toewin Kala Srenggi sasampoenipoen nglilir, ladjeng sami nangis kalih pisan.

IX

Gentos tjinarijos Ki Poetoet Djantaka, dasar pandita teroes ing paningalipoen, sampoen soemerep sadéréngipoen winarah, ing batos saklangkoeng panetahipoen dateng anakipoen ingkang sami tiwas sadaja. Nanging kabekta saking tresnanipoen dateng anak noenten kewedal sesambatipoen: ,,Doeh déwa batara, bandjoeten akoe, déné oerip ora loemrah karo sapada-pada.” Ki Poetoet Djantaka toemoenten mangkat saha mbekta anakipoen kekalih poen Oedjoeng saha poen Randi, samargi-margi ngoendamana ing kalepatanipoen sadérékipoen ingkang sami manggih tiwas. Oedjoeng noenten soemerep séla ing satengahing wana, agengipoen sadasa depa pasagi, ladjeng dipoen oenda moeloek manginggil, dawahipoen tinadahan ing sirahipoen djoemebrét swaranipoen, séla satemah soemjoer nggalepoeng, swaranipoen kados ngébahna boemi. Oedjoeng toewin Randi waoe agengipoen kalih pisan kados redi anakan. Poen Oedjoeng rainipoen kados parang, mripatipoen kados soerja kembar, sijoengipoen saémper tjarak, lénging iroengipoen lir péndah korining goewa, simbar-djadjanipoen ngebaki wetengipoen ngantos doemoegi ing poepoenipoen, woeloetjoemboenipoen apandjang ngantos klarak. Lampahipoen ginelak, oeroet margi boten katjarijos, boten antawis dangoe sampoen doemoegi ing panggénanipoen Sang Nata.

Wadya-bala ing Mendangkamoelan sareng mireng swarani-