andapan dasar sampoen angsal memangsan, sareng soemerep sagawon boten oewas panjanderipoen. Enggal tinadahan ing mengsah, andapan ladjeng tjinakot ing sagawon ndadosaken pedjahipoen. Sanalika poenika sangsaja katah andapan ingkang sami dateng, sagawon kinepang wakoel déning andapan, noenten dipoen tjokoti saking ngadjeng saha saking wingking, ananging sagawon boten boesik, malah manawi males andapan pedot goeloenipoen boten ngaping kalih. Sawenéh wonten ingkang boten ngantos tjinakot, djinoegoegan kémawon sampoen pedjah, mila batangipoen andapan ngantos toempang tindih angoendoeng-oendoeng. Andapan Tembaloeng sareng soemerep manawi balanipoen katah ingkang pedjah, sanget bramantyanipoen, ladjeng naradjang saking ngiringan. Sagawon noenten tjinokot, nanging boten pasah, ladjeng tinoebroek, ingiles saha kinakahan, oegi tanpa damel. Sagawon belangwajoejang boten talompé ladjeng males njokot, andapan Tembaloeng tatoe tjongoripoen ladjeng pedjah, dalasan balanipoen sami toempes sadaja.
Sareng keték soemerep Tembaloeng toempes sabalanipoen, énggal sami nempoeh sesarengan ngroeboet sagawon, tingkahipoen sami nggegilani. Nanging sagawon belangwajoejang boten bingoeng, ladjeng ngamoek sarwi njakot, djoegoeg, noendjang saha ngakahi. Boten dangoe keték pangagengipoen sampoen pedjah, déné keték ingkang alit-alit sami loemadjeng asasaran saking adjrihipoen dateng sagawon. Wonten ingkang kandeg pladjengipoen, tjinokot ladjeng
pedjah.
Tikoes Djinada noenten tangled kalijan koetjing tjandramawa, sagendingipoen kepapan. Boten antawis dangoe tikoes Djinada kawon perangipoen ladjeng pedjah. Wondéné tikoes ingkang alit-alit sami loemadjeng ngoengsékaken gesang, nanging sami kaboedjoeng ing koetjing, sareng ketoetoetan noenten pinedjahan ngantos toempes sadaja.
Wadya-bala ing Mendangkamoelan sareng soemerep ladjeng sami soerak agijak-gijak, bingahing manahipoen sampoen boten winiraos. Sasirnanipoen sato kéwan, Sang Nata ladjeng sinéba wonten ing sabin, para mantri boepati sami pepak andér, ki Belangwajoejang saha ki Tjandramawa oegi
Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/62
Praèn ꦥꦿꦲꦺꦤ꧀
Kaca iki wis divalidasi
39