Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/61

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

38

poen sato kéwan. Sawarnining sato kéwan tinoembak maléséd, tinowok malesat, sinoeligi goemabloeg, ndadosaken girisipoen wadya-bala.
Kotjapa ki Belangwajoejang toewin ki Tjandramawa, kala samanten sami ngombé leri saha toja degan, pating garijak asoeka-soeka. Sang Retna Darmanastiti nalika poenika pinoedjoe pinarak ing pandapa kalijan Kèn Soeboer. Sareng midanget pawartos jén ki Belangwajoejang toewin ki Tjandramawa boten toemoet ḍateng sabin, Sang Retna sanget doekanipoen, énggal moeroegi panggénanipoen kalangenan kekalih waoe. Ingkang saweg ngétja-étja sarwi ngombé sami kagét manahipoen pinoeroegan ing goestinipoen, ladjeng sami mendak sarwi atoer sembah. Sang Retna Darmanastiti alon pangandikanipoen semoe doeka: „Kakang, kowé ikoe baja lagi mendem gendjé, olèhmoe ana ing kéné ikoe apa gawéné, angoer moeliha baé, matoera marang kakang pandita, jén akoe sing akon moelih. Kowé dibantokaké, parandéné bareng toetoeg ing don djeboel tanpa gawé, ora nganggo kokpikir.” Ki Belangwajoejang saha ki Tjandramawa sasampoenipoen ingoeman-oeman dateng Sang Poetri, ladjeng sami njembah sarwi nangis, soemerep kalepatanipoen. Enggal sami noesoel tindakipoen Sang Praboe, lampahipoen kados kilat.
Sadoemoeginipoen ing paprangan soemerep manawi wadyabala ing Menḍangkamoelan sami giris manahipoen. Ki Belangwajoejang sirahipoen énggal dipoen siram ing leri, sakedap sampoen teles waradin doemoegi soekoenipoen. Sareng dipoen lalar medal sagawon warni tjemeng, adalir petak ing sirahipoen doemoegi ing boentoetipoen, makaten oegi ing wetengipoen ngantos tepang kalijan ing tjotjot. Sagawon poenika dipoen wastani belangwajoejang. Déné ki Tjandramawa njandak toja degan. Sareng siniramaken ing sirahipoen waradin ing badanipoen sakodjoer, ladjeng medal koetjing oeles petak, adalir tjemeng ing sirahipoen doemoegi ing boentoetipoen, makaten oegi ing wetengipoen ngantos tepang kalijan ing tjotjot. Koetjing poenika winastanan tjandramawa.
Sagawon saha koetjing waoe ladjeng sami njander poeroen,