moengaké diarani baé, ikoe di-ketemoe ing pasemoné! Oewis adi, dikebat mangkat moelih, sabab adi Praboe banget pangarep-arepé.” Radén Djakapoering noenten njembah saha njoengkemi padanipoen sang pandita kekalih, ladjeng binisikan dateng sang pandita. ,,Jén moengsoehmoe abot sanggané, talempak ikoe oenoesen warangkané, soentaken ana ngarepané baris!” Radén Sengkan saha Radén Toeroenan soemamboeng: ,,Poenika koela mbektani deling saeros, damelipoen bilih mengsah awrat sangganipoen, ladjeng sampéjan banting wonten tengahing paprangan, koela tijang kekalih ladjeng sami dateng.”
Radén Djakapoering atoer sembah ladjeng mangkat, kalangenan kekalih atoet wingking. Lampahipoen ginelak, rinten daloe boten nganggé kéndel. Boten antawis dangoe doemoegi ing nagari Mendangkamoelan, ladjeng mlebet ing kadaton. Kala samanten Sang Nata pinoedjoe pinarak ing balé, Radén Djakapoering énggal kaawé kadawoehan madjeng. Sasampoenipoen madjeng ladjeng ngoedjoeng ing talapakanipoen Sang Nata, atoeripoen: ,,Kawoela sampoen kaoetoes sowan dateng Sang pandita njoewoen pangéstoe saha pandonga, poenapa malih njoewoen pitoeloeng bantoe perang kalijan droebiksa kéwan. Ing mangké pinaringan bijantoe panakawanipoen kekalih poenika. Raka djengandika sanget pitadjengipoen dateng panakawan kekalih poenika.” Sareng Sang Nata mriksani panakawan kekalih ingkang saweg dateng, kagalih patoet mbangkata damel. Ki Belangwajoejang toewin ki Tjandramawa waoe ladjeng pinaringan segah sekoel saha toja leri poenapa-déné toja degan.
Sang Nata ladjeng paréntah ngoendangi bala. Sasampoenipoen nglempak sadedamelipoen sadaja, Sang Nata nindaki nindihi bala pijambak. Lampahipoen wadya-bala mbroeboel kados laron, ing margi boten katjarijos, boten antawis dangoe sampoen doemoegi ing panggénanipoen sato kéwan. Andapan Tembaloeng, keték saréntjangipoen, poenapa malih tikoes Djinada sakantjanipoen, sareng soemerep tijang polahipoen kados boeta angsal daging, ladjeng sami naradjang poeroen dateng balanipoen Sang Nata. Sakatahing wadya-bala soerakipoen kados mbelah langit, énggal sami nadahi pangamoeki-
Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/60
Praèn ꦥꦿꦲꦺꦤ꧀
Kaca iki wis divalidasi
37