Praboe akatah ingkang ketaton, nanging boten wonten ingkang pedjah. Tetaneman sanget risakipoen, pramila koela énggal kaoetoes njoewoen pitoeloeng ing sampéjan.” Sang
pandita Andongdadapan njelani: ,Adja toetoer, akoe wis weroeh sadoeroengé kowé teka, kaanané ama akoe ora kesamaran.” Sang pandita toemoenten nglirik ingkang poetra Radén Sengkan. Ingkang linirik énggal nampéni wangsitipoen ingkang rama. Sang pandita Gadingpangoekir toemoenten nglirik ingkang poetra Radén Toeroenan. Radén Toeroenan oegi sampoen tampi wangsitipoen ingkang rama.cPoetra kekalih énggal sami medal mangkat rerikatan datengcwana Babadan.
Boten antawis dangoe Radén kekalih sampoen kepanggih kalijan kawoelanipoen kalih pisan, ladjeng sami kabekta dateng ngarsanipoen ingkang rama. Panakawanipoen Ki Andongdadapan anama Belangwajoejang, déné panakawanipoen Ki Gadingpangoekir nama Tjandramawa. Sadatengipoen ingarsanipoen sang pandita énggal sami atoer sembah. Belangwajoejang waoe oelesipoen tjemeng kados minangsi, dedegipoen kakkong pangawak gempol, poendakipoen brodjol, wetengipoen ndjembloek, agoeloe keren, akoeping tjipir, kopokipoen daléwéran, mripatipoen djéléh, batoekipoen banjak kadagingan, iroengipoen soenti, rainipoen ndjeram poeroet, koentjoengipoen pandjang. Déné poen Tjandramawa dedegipoen andap toer alit, inggih kakkong, goeloenipoen pandjang, sirahipoen ragi alit, remenanipoen arit, sinangkelang ing gigir kalingan koelitipoen ngantos boten kénging kaoenoes. Manawi dipoen asah mloemah ing woengkal, manawi dipoen sepoehi merkoengkoeng ing parapen. Pangandikanipoen Ki Andongdadapan: ,,Adi Radén Djakapoering, ija loro ikoe kalangenanakoe, ikoe kang minangka dakgawé mitoeloengi.” Kalangenan kekalih sasampoenipoen binisikan, matoer sandika sarwi njembah.
Sang pandita ngandika dateng Radén Djakapoering: ,,Adi, teken talempakkoe iki gawanen, ananging dapoeré akoe doeroeng soemoeroep, mangsa bodoa oléhmoe ngarani. Moenggoeh landéjané lan dapoeré, apadéné godiné lan warangkané, kabeéh ikoe pada nganggo pasemon, adja nge-
Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/59
Praèn ꦥꦿꦲꦺꦤ꧀
Kaca iki wis divalidasi
36