Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/58

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
35

toes. Boten antawis dangoe sampoen tebih pladjengipoen, ladjeng loemebet ing nagari.
 Sang Nata ladjeng mijos sinéwaka, ingaḍep para poenggawa, Radèn Djakapoering ingkang wonten ingadjeng pijambak. Sang Nata ngandika: „Adi Djakapoering, ing dina iki sira loemakoea menjang Menḍangagoeng, sébaa marang kakang Andongḍaḍapan lan kakang Gaḍingpangoekir, sembah ingsoen atoerna! Lan maningé ngatoerana oeninga, jèn tandoeran pari kagoengané Bațara Goeroe dimangsa si Tembaloeng, Djinada lan kețèk. Bala ningsoen akèh kang paḍa nandang tatoe, ananging ora nana kang mati, kang ikoe ingsoen moendoet toeloeng marang kakang sakaroné maoe. Wis mangkata dikebat!" Radèn Djakapoering matoer sandika, njembah ladjeng mangkat. Lampahipoen gegantjangan, ing samargi-margi semoe prihatos.
 Kotjapa Ki Andongḍaḍapan pinoedjoe pinarakan kalijan Ki Gaḍingpangoekir, ingaḍep ingkang poetra Radèn Sengkan saha Radèn Toeroenan. Saweg sakétja anggènipoen lelenggahan, kasaroe ḍatengipoen Radèn Djakapoering, ladjeng ngoedjoeng dateng sang panḍita kekalih. Sasampoenipoen ngoedjoeng, noenten linggih ingarsanipoen sang pandita. Radèn Sengkan saha Radèn Toeroenan énggal atoer sembah dateng Radèn Djakapoering sarwi mbagèkaken. Ki Gaḍingpangoekir ladjeng ngandika: „Radèn, kowé dioetoes apa menjang kakangmoe Sang Praboe, déné pandelengkoe tekamoe énggal-énggalan, ora nganggo awèh weroeh disik." Radèn Djakapoering matoer: „Lampah koela mriki kaoetoes raji sampéjan Sang Nata, ingkang roemijin kaoetoes njoewoen pangèstoe. Sasampoenipoen ngatoeraken ingkang sembah, ngatoeri oeninga bilih sapoenika tetaneman pantoen kagoenganipoen Bațara Goeroe minangsa ing droebiksa awarni sato kéwan, asipat tigang prakawis. Ingkang sagolongan asipat kados manoesa, boentoetipoen pandjang, woeloenipoen kelawoe. Ingkang sapanța ageng woedjoedipoen, warninipoen tjemeng, woeloenipoen waḍag, tjotjotipoen ndjibir. Ingkang sapanța malih alit roepinipoen, boentoetipoen ndjențir, woeloenipoen petak. Sadaja poenika boten pasah tapak paloening pandé sisaning goerinda. Balanipoen raji sampéjan Sang