34
tandangipoen saklangkoeng nggegilani, katahipoen watawis kawan atoes. Ingkang sapanta malih alit woedjoedipoen, woeloenipoen mèmper kapoek, boentoetipoen kados tampar, polahipoen kados sageda miber, katahipoen oedakawis kalih atoes. Déné ingkang dados pangagengipoen warninipoen petak maletoek, boten pasah ing bradja babar pisan, sadaja sami ambek poeroen dateng tetijang.”
Sang Praboe Mangoekoehan ngandika: „Karsa ningsoen, adi, énggal mepaka wong samektaa sagegamané pisan. Wong ing Menḍangkamoelan kabéh angger kelar merang sagéḍéng kerigen adja ana kari, di-énggal perang kalawan droebiksa kang pada dadi ama!” Radèn Djakapoering matoer sandika, énggal medal ing djawi. Ladjeng naboeh tangara, swaranipoen tetijang kados gerah, sadaja sampoen sami nglempak samekta sadedameling perang, soemedya mengsah ingkang dados ama.
Boten antawis dangoe Sang Praboe Mangoekoehan mijos, kairing para mantri boepati, ladjeng biḍal. Krapjaking landéjan saha garoebjoeging tijang lowmampah swaranipoen kados ombaking saganten. Ing margi boten kotjap, lampahipoen sampoen doemoegi ing panggènanipoen sato kéwan. Tandangipoen bala boten nganggé dipoen atag, ladjeng naradjang poeroen, soerakipoen ambal-ambalan swaranipoen kados redi rebah. Beboedjengan sareng soemerep tetijang sami soerak, sangsaja sanget galakipoen. Andapan Tembaloeng noenten ngamoek sabalanipoen, sampoen tjampoeh perang kalijan bala manoengsa. Nanging sadaja dedameling perang boten wonten ingkang nedasi beboedjengan waoe. Déné bala manoesa katah ingkang sami ketaton, wonten ingkang krowak soekoenipoen, sawenéh roempoeng daridjinipoen tjinokot ing ketèk, wonten malih ingkang poetoeng soekoenipoen dinodos ing andapan, oetawi binidjig rinangkangan. Toedjoenipoen boten wonten tijang ingkang pedjah, nanging sadaja sami giris. Sang Praboe Mangoekoehan toemoenten énget ing wirajat, énggal kondoer sawadya-balanipoen. Andapan Tembaloeng mboedjeng sarwi njaroedoeg saha nḍoḍos, ngantos katah tetijang ingkang nandang tatoe krowak gigiripoen, mila pladjengipoen salang toendjang noemboek