Menyang kontèn

Kaca:Javaansch Leesboek.pdf/56

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
33

tilem. Ki Toewa kagét tangi roemijin, ladjeng niling-nilingaken swara atri goemoeroeh pinda ampoehan. Sareng sampoen tetéla anggénipoen nilingaken, Ki Toewa énggal medal, tanganipoen ingkang tengen njangking koedi, ingkang kiwa mbekta obor. Sadatengipoen ing djawi noenten ngawasaken dateng ingkang gadah swara. Andapan Tembaloeng sareng soemerep Ki Toewa ladjeng naradjang dateng ingadjeng. Ki Toewa kagét ndjelih, koedinipoen dipoen agar-agaraken sarwi mloempat mangiwa. Andapan Tembaloeng boten padja-padja ngoendoeri, malah nékad njander poeroen. Ladjeng pinerang sirahipoen, nanging boten pasah, temahan koedinipoen poetoeng peksinipoen. Ki Toewa ladjeng djelih-djelih neda toeloeng. Radén Djakapoering, Ki Boejoet, Ki Tjakoet saha Ki Paniron sadaja sami tangi, goepoeh tandang medal sarwi mbekta tjanggah, ranté, tjoekir, soeligi toewin geranggang saha obor, padangipoen saéngga kados rainten. Beboedjengan sangsaja galak, wekasan naradjang poeroen. Andapan pinentoeng angéndani, keték sinabet arit bapang lepat tjoekat loempatipoen. Tetijang ingkang tandang sami ketaton tjinokot ing keték oetawi andapan, saweneéh wonten ingkang ngantos dawah. Déné beboedjengan dipoen perang ing koedi boten kénging, manawi kelerasan pamerangipoen dilalah boten pasah. Ki Toewa telas manahipoen, ladjeng matoer dateng Radén Djakapoering: ,,Radén, soewawi sami énggal loemadjeng, ngatoeri oeninga dateng raka djengandika Sang Adji. Beboedjengan saéstoe boten kénging linawan, awit katahipoen atoesan, saoepami sadasa kalih dasa kémawon kados-kados taksih kénging tinadahan.”

Radén Djakapoering ndahar atoeripoen Ki Toewa, ladjeng kondoer dateng nagari Mendangkamoelan. Sadatengipoen ingarsanipoen Sang Nata, Radén Djakapoering matoer saha njembah: ,,Kawoela ngoendjoekaken pedjah gesang, Goesti, kagoengan dalem taneman sami leboer minangsa ing sato kéwan awarni tigang prakawis. Ingkang sabregada tjemeng, tjotjotipoen ndjibir, woeloenipoen ndjébrés wadag, boentoetipoen ngatjoeng kados kisi, katahipoen kirang langkoeng tigang atoes. Ingkang sapanta asipat kados manoengsa, boenloetipoen pandjang, woeloenipoen kelawoe, kebat tjoekat
Jav. Leesboek

3